Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 1 >> 

1Iki sarasilahé Yésus Kristus, tedhaké Daud, tedhaké Abraham.

2Abraham peputra Ishak, Ishak peputra Yakub, Yakub peputra Yéhuda sasadhèrèké;

3Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah, patutan saka Tamar; Pèrès peputra Hèzron, Hèzron peputra Ram;

4Ram peputra Aminadab, Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon;

5Salmon peputra Boas patutan saka Rahab; Boas peputra Obèd patutan saka Rut; Obèd peputra Isai,

6Isai peputra Daud, Daud peputra Salomo, patutan saka tilas bojoné Uria,

7Salomo peputra Réhabéam, Réhabéam peputra Abia, Abia peputra Asa,

8Asa peputra Yosafat, Yosafat peputra Yoram, Yoram peputra Uzia;

9Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra Hizkia;

10Hizkia peputra Manasyé, Manasyé peputra Amon, Amon peputra Yosia;

11Yosia peputra Yékhonya sasadhèrèké, nalika jaman pambuwangan menyang Babil.

12Sawusé jaman pambuwangan menyang Babil, Yékhonya peputra Séaltièl, Séaltièl peputra Zèrubabél;

13Zèrubabél peputra Abihud, Abihud peputra Élyakim, Élyakim peputra Azor;

14Azor peputra Zadok, Zadok peputra Akhim, Akhim peputra Éliud;

15Éliud peputra Éléazar, Éléazar peputra Matan, Matan peputra Yakub;

16Yakub peputra Yusuf bojoné Maria, kang mbabar Yésus, kang sinebut Kristus.

17Dadi gunggungé saka Abraham tumeka Daud iku ana patbelas turunan, saka Daud tumeka jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan.

18Anadéné wiyosé Yésus Kristus iku kalakoné mangkéné: Nalika Maria kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurungé tunggal sapaturon, tinemu wis ngandheg marga saka Roh Suci.

19Sarèhné Yusuf bojoné iku wong mursid sarta ora gelem mirangaké Maria ana ing ngarepé wong akèh, mulané sumedya medhot pacangané kanthi sesidheman.

20Nanging bareng lagi duwé gagasan mangkono iku, tumuli ana malaékating Pangéran ngatingali sajroning pangimpèn, dhawuhé, "Hé, Yusuf, tedhaké Daud, aja sumelang anggonmu ngepèk Maria dadi bojomu, awit Putra kang kabobotaké iku marga saka Roh Suci,

21sarta Maria bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yésus; awit iya iku kang bakal ngluwari umaté saka ing dosané."

22Iku mau kabèh kelakon supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran lantaran nabi, mangkéné,

23"Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmané bakal sinebut Imanuèl, tegesé: Allah nunggil kalawan kita."

24Satanginé turu, Yusuf banjur ngèstokaké kayadéné kang kadhawuhaké déning malaékating Pangéran, lan nampani Maria dadi bojoné,

25nanging ora diwori turu, nganti tumekané wus mbabar putra, kang banjur dinamakaké Yésus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel