Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 4 >> 

1Sawusé mangkono Yésus kapurugaké déning Roh menyang ara-ara samun supaya kagodha déning Iblis.

2Salebaré siyam patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kraos luwé.

3Juru panggodha banjur marek ing ngarsané sarta munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Manawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga séla-séla punika Panjenengan sabdakaken dados roti."

4Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, "Ana tulisan, mangkéné: Uripé manungsa iku ora mung saka roti baé, nanging saka sakèhing sabda kang miyos saka ing lésaning Allah."

5Iblis tumuli nambut Panjenengané menyang kutha Suci lan dijumenengaké ana ing ndhuwur payoné Padaleman Suci,

6banjur munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Manawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu."

7Pangandikané Yésus, "Ana manèh tulisan mangkéné: Sira aja nyoba Pangéran Allahira."

8Iblis banjur nambut Panjenengané manèh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakèhé kraton ing donya dalah kamulyané,

9nuli munjuk mangkéné, "Punika sadaya badhé kula aturaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan karsa sumungkem sujud dhateng kula."

10Yésus banjur ngandika, "Wis, lungaa, sétan! Sabab ana tulisan mangkéné: Pangéran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengané Piyambak kang kudu sira bektèni."

11Iblis banjur ninggalaké Panjenengané; lah ing kono tumuli ana malaékat-malaékat kang padha marek lan ngladosi Panjenengané.

12Nanging bareng Yésus miyarsa pawarta, yèn Yohanes wis kacepeng, Panjenengané banjur tindak sumingkir menyang Galiléa,

13pindhah saka Nasarèt lan dedalem ana ing Kapèrnaum, ing sapinggiring sagara wilayah Zébulon lan Naftali,

14supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, mangkéné,

15"Tanah Zébulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrangé Kali Yordan, Galiléa, panggonané bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah.

16Bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wis ndeleng Pepadhang kang gedhé, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayanganing pati, iku wis kaplethèkan Pepadhang."

17Wiwit nalika iku Yésus nggelaraké piwulang, pangandikané, "Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wis cedhak!"

18Nalika pinuju tindak ing sapinggiring Tlaga Galiléa, Panjenengané pirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Pétrus karo Andréas saduluré, lagi padha nibakaké jala ing tlaga, amarga padha dadi juru-amèk-iwak.

19Panjenengané banjur ngandika marang wong loro iku, dhawuhé, "Payo, padha mèlua Aku, kowé bakal padha dakdadèkaké juru-amèk-wong."

20Sanalika banjur padha ninggal jalané, ndhèrèkaké Panjenengané.

21Sabanjuré nalika tindak saka kono, Panjenengané pirsa wong loro manèh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anaké Zébédéus karo Yohanes saduluré, ana ing prau lagi ngréwangi Zébédéus bapakné anggoné nyulami jalané. Panjenengané banjur nimbali wong loro iku.

22Sanalika padha ninggalaké prauné lan bapakné, nuli padha ndhèrèkaké Panjenengané.

23Yésus tumuli ndlajahi sawilayah Galiléa kabèh, memulang ana ing papan-papan pangibadahé wong kono, sarta nggelaraké Injiling Kraton, apadéné marasaké sarupané lelara lan sarupané memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.

24Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumebar ing wilayah Siria kabèh; sakèhé wong kang nandhang lelara banjur padha digawa menyang ngarsané, kang rupa-rupa lelarané lan sangsarané, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, sarta Panjenengané tumuli marasaké wong-wong iku.

25Wong golongan akèh padha gumrudug ndhèrèkaké Panjenengané, saka Galiléa, Dékapolis, Yérusalèm, Yudéa sarta saka sabrangé Yordan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel