Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 1 >> 

1Iki wahyuné Yésus Kristus, kang kaparingaké déning Allah marang Panjenengané, supaya katedahaké marang para abdiné bab apa kang pinasthi bakal énggal kelakon. Panjenengané wus medharaké bab iku marang Yohanes abdiné, lantaran malaékat utusané.

2Yohanes wus neksèni bab pangandikané Allah lan bab paseksi kang kaparingaké déning Yésus Kristus, yaiku samubarang kang wus kadeleng.

3Rahayu wong kang macakaké lan para wong kang padha ngrungokaké pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulis ing kono, awit waktuné wus cedhak.

4Saka Yohanes marang pasamuwan pepitu kang ana ing Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh, saka Panjenengané, kang ana lan kang wis ana sarta kang bakal rawuh, apadéné saka roh pepitu kang padha ana ing ngarsaning dhamparé,

5sarta manèh saka Yésus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhéwé wungu saka ing antarané wong mati lan kang ngwaosi para raja ing bumi iki. Kagem Panjenengané, kang ngasihi kita lan kang wis mbirat dosa kita kalawan rahé, --

6lan kang wis ndadèkaké kita sawijining kraton, lan imam-imam sumaos marang Allah, ingkang Rama, -- iya kagem Panjenengané iku kamulyan lan pangwasa nganti ing salawas-lawasé. Amin.

7Kawruhana, Panjenengané rawuh nitih méga lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengané, dalah wong kang wis padha njojoh Panjenengané. Sakèhing bangsa ing bumi bakal nangisi Panjenengané. Iya, Amin.

8"Ingsun iki Alfa lan Oméga, Pangandikané Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakwasa."

9Aku, Yohanes, sadulur sarta panunggalanmu sajroning kasusahan, ing sajroning Kraton sarta kanthi mantep nganti-anti marang Yésus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikané Allah lan paseksi kang kaparingaké déning Yésus.

10Mbeneri ing dinané Gusti, aku kalimputan ing Roh lan aku krungu swara kang sora ana ing mburiku, kaya uniné kalasangka,

11pangandikané, "Apa kang sira deleng, iku tulisen ana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: Marang Éfesus, marang Smirna, marang Pèrgamus, marang Tiatira, marang Sardis, marang Filadèlfia lan marang Laodikia."

12Aku tumuli nolèh arep meruhi swara kang ngandikani aku iku. Lan sawisé aku nolèh, aku weruh ana cagak padamaran mas pitu.

13Sarta ing tengah-tengahé cagak padamaran pitu mau ana kang madha rupa karo Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawané nganti klangsrah tekan sampéyané, lan jajané apaningset emas.

14Mustaka lan rékmané putih kaya wulu wedhus gèmbèl, memplaké kaya salju lan tingalé kaya urubing geni.

15Sampéyané kaya tembaga mengangah ana sajroning prapèn; swarané kaya kumrosaking banjir gedhé.

16Astané kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuké ngedalaké pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanané sumunar kaya srengéngé kang padhang sumilak.

17Nalika aku weruh Panjenengané, aku nuli sujud ana ing ngarsaning sampéyané kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astané kang tengen, sarta dingandikani, "Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,

18lan Kang Gesang, Ingsun wus séda, nanging delengen, Ingsun gesang nganti salawas-lawasé lan Ingsun ngasta sakèhing kunciné pati lan kratoning pati.

19Marga saka iku tulisen apa kang wis sira deleng, iya kang kelakon ing samengko tuwin kang bakal kelakon ing tembé.

20Mungguh wadiné lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningsun tengen lan cagak padamaran emas pitu iku mangkéné: Lintang pitu iku malaékaté pasamuwan pepitu lan cagak padamaran emas pitu iku pasamuwan pepitu."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel