1Aku tumuli kaparingan glagah, kaya piranti ngukur, kanthi pangandika, mangkéné, "Sira ngadega lan ukuren Padaleman Suciné Allah lan misbyah dalah wong-wong kang padha manembah ana ing kono iku.
2Mung plataran sajabané Padaleman Suci iku aja sira ukur, marga iku wis kapasrahaké marang bangsa-bangsa liya kang bakal padha ngidak-idak Kutha Suci lawasé patang puluh loro sasi.
3Ingsun bakal ndhawuhi saksiningsun loro supaya padha medhar wangsit klawan manganggo bagor, lawasé sèwu rong atus sawidak dina."
4Yaiku wit zaitun loro apadéné padamaran loro kang ana ing ngarsané Gustining jagat Rat.
5Menawa ana wong kang arep milara, bakal ana geni metu saka cangkemé memangsa satruné kabèh. Lan menawa ana wong kang arep milara, wong iku mesthi mati kanthi patrap mangkono.
6Seksi loro mau padha duwé pangwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajroné padha medhar wangsit; lan padha duwé pangwasa ing ngatasé sakèhing banyu bisa kadadèkaké getih; sarta nggebug bumi kalawan sarupaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepé.
7Samangsa wis rampung anggoné padha nglairaké paseksiné, nuli kéwan kang njedhul saka teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahaké lan dipatèni.
8Layoné bakal gilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhé, kang sacara kasukman kaaranan Sodom lan Mesir, iya ing panggonané Gustiné kasalib.
9Wong-wong saka panunggalané para bangsa lan taler tuwin basa sarta umat, padha ndeleng layoné lawasé telu satengah dina lan wong-wong iku ora ngolèhaké layoné dikubur.
10Wong-wong kang padha manggon ing bumi padha bungah awit saka kang wis tilar iku lan padha pésta apadéné padha kirim-kiriman bebungah, amarga nabi loro iku mau padha dadi siksa tumrap wong kabèh kang manggon ana ing bumi.
11Sawusé telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka Allah manjing ing layon-layon mau, temahan banjur padha gesang, agawé banget girisé wong kang padha weruh.
12Nabi loro mau nuli padha mireng swara kang sora saka swarga mangandikani, "Padha munggaha mréné!" Banjur padha munggah menyang ing swarga, katutupan méga, kadeleng déning para satruné.
13Ing nalika iku ana lindhu gedhé lan saprasapuluhé kutha iku jugrug, lan wong pitung èwu padha mati déning lindhu iku; lan wong-wong liyané padha giris banget, banjur padha ngluhuraké Allah kang ana ing swarga.
14Wewelak kang kapindho wis liwat; lah kasusul wewelak kang katelu.
15Malaékat kang kapitu tumuli ngungelaké kalasangkané, lan ing swarga kaprungu swara sora muni, mangkéné, "Papréntahan ing donya iku kaasta déning Pangéran kita lan Panjenengané kang jinebadan, sarta Panjenengané bakal jumeneng Raja langgeng ing salawas-lawasé."
16Para pinituwa patlikur, kang padha linggih ing dhampar ana ing ngarsané Allah, padha sujud lan sumungkem marang Allah,
17sarta munjuk, "Kawula sami saos sokur dhumateng Paduka, dhuh Pangéran, Allah Ingkang Mahakawasa, Ingkang Wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten, amargi Paduka sampun ngagem pangwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit jumeneng Raja.
18Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin Paduka paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, para nabi kaliyan para suci saha para ingkang sami ajrih-asih dhumateng asma Paduka, dhateng para kawula alit kaliyan para pangageng, sarta badhé nglebur soksintena ingkang sami ngrisak bumi."
19Padaleman Suciné Allah kang ana ing swarga nuli binuka lan pethi prajanjiané katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadéné lindhu lan udan ès kang deres banget.