Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 5 >> 

1Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astané tengen Panjenengané kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing njero lan ing njaba lan disègel nganggo sègel pitu.

2Aku weruh malaékat kang prakosa nguwuh-uwuh klawan swara sora, "Sapa kang pantes ngudhari gulungan kitab iku sarta mbukaki sègelé?"

3Nanging ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, ora ana kang bisa ngudhari gulungan kitab mau sarta ndeleng sisih njeroné.

4Aku banjur nangis kelara-lara, amarga ora ana wong sijia baé kang dianggep pantes ngudhari gulungan kitab iku utawa ndeleng sisih njeroné.

5Banjur ana salah sijiné pinituwa kang ngandika marang aku, "Kowé aja nangis! Delengen, singa kang saka trah Yéhuda, yaiku sogolané Daud, kang wis unggul, temah Panjenengané bisa ngudhari gulungan kitab iku sarta mbukaki sègelé pitu."

6Aku banjur ndeleng ing satengahé dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahé para pinituwa mau ana Cempé jumeneng katoné kaya wis kasembelèh, singaté pitu lan tingalé pitu: yaiku Rohé Allah pepitu kang kautus menyang salumahing bumi.

7Panjenengané iku banjur nyelak sarta nampani gulungan kitab mau saka astané tengen Panjenengané kang pinarak ing dhampar.

8Nalika Panjenengané mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku nuli sungkem ana ing ngarsané Cempé iku, karo padha nyekel clempung lan bokor emas, isi dupa kebak; yaiku pandongané para suci.

9Sarta padha ngidungaké kidung anyar, tembungé, "Paduka sembada nampèni gulungan kitab punika sarta mbikaki sègelipun; amargi Paduka sampun kasembelèh lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben taler saha basa tuwin umat miwah bangsa kagem Allah.

10Sarta Paduka ndadosaken tiyang-tiyang punika satunggaling kraton lan imam-imam kagem Allah kita, sarta sami badhé ngerèh dados raja wonten ing bumi."

11Aku tumuli ndeleng lan krungu swarané malaékat akèh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahé pirang-pirang atus èwu lan pirang-pirang yuta,

12pangucapé kalawan swara sora, "Sang Cempé ingkang sampun kapragat punika sembada nampèni pangwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana."

13Aku banjur krungu sakèhing makluk kang ana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, sarta ing sagara, apadéné kang urip ing njeroné, padha ngucap: "Pangalembana lan kaurmatan, tuwin kamulyan sarta pangwaos kagem Panjenenganipun ingkang lenggah ing dhampar saha Sang Cempé, ngantos salami-laminipun!"

14Makluk papat iku padha ngucap, "Amin!" Sarta para pinituwa mau padha sujud lan manembah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel