Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 7 >> 

1Sawisé iku aku weruh malaékat papat jumeneng ana ing kéblat-papat, padha nyandhet anginé bumi, supaya aja ana angin niyup menyang dharatan utawa menyang sagara tuwin menyang wit-witan.

2Sarta aku ndeleng malaékat liyané njedhul saka panggonan plethèking srengéngé. Panjenengané ngasta cap kagungané Allah kang gesang, lan banjur nywara kanthi sora marang malaékat papat kang padha kaparingan kuwajiban ngrusak bumi lan sagara,

3pangandikané, "Aja ngrusak bumi lan sagara utawa wit-witan sadurungé aku ngecapi para abdiné Allahku ing bathuké!"

4Aku krungu yèn cacahé kang padha kaecapan iku: Saka panunggalané taler Banisraèl kabèh kang kaecapan ana satus patang puluh papat èwu.

5Saka taler Yéhuda kang kaecapan rolas èwu, saka taler Rubèn rolas èwu, taler Gad rolas èwu,

6taler Asyèr rolas èwu, taler Naftali rolas èwu, taler Manasyé rolas èwu,

7saka taler Siméon rolas èwu, taler Lèwi rolas èwu, taler Isakhar rolas èwu,

8saka taler Zébulon rolas èwu, taler Yusuf rolas èwu, taler Bènyamin rolas èwu.

9Sawisé mangkono aku weruh: Lah ana golonganing wong akèh kang cacahé tanpa wilangan, saka sakèhing bangsa lan taler tuwin umat sarta basa, ngadeg ana ing sangarepé dhampar lan ing ngarsané Cempé, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong palem.

10Iku padha nywara kalawan sora, "Karahayon konjuk ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing ngarsanipun Sang Cempé!"

11Lan sakèhing malaékat padha jumeneng ing sakubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku, sarta padha sujud ana ing ngarepé dhampar lan manembah marang Allah,

12klawan munjuk, "Amin! Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah pangwaos saha kasantosan konjuk ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!"

13Tumuli ing antarané para pinituwa mau ana kang ndangu marang aku, "Sapa kang padha nganggo jubah putih iku lan pinangkané saka ngendi?"

14Atur wangsulanku, "Bapa, punika panjenengan ingkang uninga." Pinituwa mau banjur ngandika marang aku, "Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhé sarta wus padha ngumbah jubahé nganti putih sarana rahé Cempé iku.

15Mulané padha ngadeg ana ing ngarsané dhamparing Allah lan padha ngladosi Panjenengané rina-wengi ana ing Padaleman Suciné. Panjenengané kang lenggah ing dhampar iku bakal masang tarub minangka pangaubané,

16sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak manèh, tuwin bakal ora kena dayaning srengéngé utawa panas kang sumelèt.

17Amarga bakal padha diengon déning Cempé mau sarta diirid menyang tuking banyu kauripan. Déné Allah bakal ngusapi sakèhing eluh saka ing mripaté."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel