Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 3 >> 

1Para Sadulurku, ing antaramu aja akèh kang kepéngin dadi pamulang; jalaran kowé padha sumurup, menawa kita dadi pamulang, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.

2Amarga kita kabèh padha kaluputan ing prakara akèh; sing sapa ora kaluputan ing tetembungané, iku wong sampurna, kang bisa ngendhalèni awaké sakojur.

3Kita padha masang kendhali ing cangkemé jaran, satemah nuruti kekarepan kita, sarana mangkono kita uga bisa ngendhalèni awaké sakojur.

4Lan manèh, delengen kapal-kapal, sanadyan gedhé banget sarta kasurung déning angin banter, nanging kena dikendhalèni déning kemudhi kang cilik banget, manut kekarepané jurumudhi.

5Mangkono uga ilat, sanadyan dadi pérangané badan kang cilik, éwadéné kena kanggo ngandhakaké prakara-prakara kang gedhé. Delengen, sanadyan mung sapelik, geni iku bisa ngobong alas kang gedhé.

6Ilat iku iya geni, prasasat jagating kadurakan sarta dadi gegelitaning badan kita, kang bisa ngregedi badan sakojur sarta ngobong jantraning urip kita; déné ilat iku dhéwé kaobong déning geni naraka.

7Sakèhing kéwan alas, bangsa manuk, sarta kéwan-kéwan rumangkang lan kéwan-kéwan segara, iku bisa digawé tutut lan wis kelakon digawé ora giras déning manungsa,

8nanging ora ana wong sijia baé kang bisa gawé tututing ilat; ilat iku piala kaya kéwan galak kang ora kena dikendhalèni sarta kebak wisa kang mematèni.

9Sarana ilat kita memuji Pangéran, Rama kita, sarta sarana ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahaké manut citraning Allah,

10saka cangkem siji metokaké berkah lan ipat-ipat. Kang mangkono iku, para Sadulurku ora kena kelakon.

11Apa ana sumber kang metu banyuné tawa lan pait saka etuk siji?

12Para Sadulurku, wit anjir apa bisa awoh zaitun utawa wit anggur awoh anjir? Mangkono uga etuk banyu asin ora bisa metokaké banyu tawa.

13Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta wasis? Iku nuduhna panggawéné sarana caraning urip kang becik marga kawicaksanan kang tuwuh saka alusing budi.

14Menawa kowé padha duwé rasa mèri sarta mung mikir awakmu dhéwé, kowé aja padha gumunggung sarta aja goroh, iku nglawan kayektèn!

15Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ngaluhur, nanging saka donya iki, saka kamanungsan, saka sétan-sétan.

16Sabab angger ana kumèrèn sarta mung mikir awaké dhéwé, mesthi bakal ana kekisruhan sarta sarupané panggawé ala.

17Balik kawicaksanan kang saka ngaluhur, iku kang dhisik dhéwé murni, sabanjuré dhemen rukun, alus ing budi, mbangun turut, sugih kawelasan sarta awoh kabecikan, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.

18Déné woh kang dumadiné saka kayektèn iku kasebaraké sajroning tentrem-rahayu kanggo wong-wong kang padha mbangun tentrem-rahayu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yakobus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel