Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 5 >> 

1Sawusé iku, ana riyayané wong Yahudi, Yésus tindak menyang Yérusalèm.

2Ing Yérusalèm, sacedhaké Gapura Wedhus, ana blumbang, kang ing tembung Ibrani diarani: Bètèsda, kang ana bangsalé lima.

3Ing bangsal-bangsal kono akèh banget wong lara pating gluntung: wong wuta, wong pincang, wong lumpuh. [Padha ngentèni kocaking banyu.

4Awit samangsa ana malaékaté Pangéran tumedhak ing blumbang kono ngocak banyuné; sarta menawa banyu mau kocak, sapa baé kang nyegur dhisik dhéwé dadi waras, sanadyan apa baé lelarané.]

5Ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawasé.

6Bareng Yésus pirsa wong mau nggluntung ana ing kono sarta Panjenengané nguningani menawa wong mau wus lawas anggoné mangkono iku, banjur dipangandikani, "Kowé apa kepéngin waras?"

7Atur wangsulané wong kang lara mau, "Bendara, mboten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng blumbang samangsa toyanipun wiwit kocak. Angger kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanès ingkang nyemplung ngrumiyini kawula."

8Yésus banjur ngandika, "Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!"

9Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturoné lan banjur mlaku. Nanging dina iku pinuju dina Sabat.

10Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngelokaké wong kang lagi baé waras mau, pangucapé, "Iki dina Sabat, kowé ora kena ngangkat paturonmu!"

11Nanging wangsulané wong mau, "Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!"

12Wong-wong mau banjur padha takon, "Sapa wongé kang akon marang kowé: Paturonmu angkaten, lumakua?"

13Nanging wong kang lagi baé waras ora mangerti, iku sapa, amarga Yésus wus nylimpet ana ing satengahé wong akèh kang ana ing kono.

14Sawisé mangkono Yésus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani, "Kowé wus waras, aja gawé dosa manèh, supaya kowé aja nganti kataman kang luwih banget."

15Wongé nuli lunga, nyaritakaké marang wong-wong Yahudi menawa kang marasaké iku Yésus.

16Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya Yésus, amarga Panjenengané nindakaké kang mangkono iku ing dina Sabat.

17Nanging Yésus ngandika, "Ramaku makarya nganti sapréné, mulané Aku uga nindakaké pagawéanku."

18Marga saka iku wong Yahudi mundhak nemen manèh anggoné ngarah nyédani Panjenengané, awit ora ngamungaké nerak dina Sabat baé, nanging uga marga mastani yèn Allah iku Ramané piyambak, dadi sarirané dipadhakaké karo Allah.

19Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Sang Putra ora bisa nindakaké apa-apa saka awaké dhéwé, menawa Panjenengané ora weruh kang katindakaké déning Sang Rama. Sabab apa kang katindakaké déning Sang Rama, iku uga katindakaké déning Sang Putra.

20Sabab Sang Rama ngasihi Kang Putra sarta nedahaké sabarang kang ditindakaké piyambak marang Panjenengané, malah iya bakal nedahaké marang Panjenengané pandamel kang luwih agung manèh katimbang karo iku, nganti kowé padha gumun.

21Awit padha kaya Sang Rama anggoné nangèkaké lan nguripaké wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripaké saben wong kang dikarsakaké.

22Sang Rama ora ngadili sapa baé, nanging wus masrahaké pangadilan iku marang Sang Putra,

23supaya wong kabèh padha ngurmati marang Sang Putra kayadéné anggoné ngurmati Sang Rama. Sapa kang ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengané.

24Satemené Aku pitutur marang kowé: Saben wong kang ngrungokaké pituturku, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduwèni urip langgeng, lan ora katut kaukum, jalaran wus pindhah saka pati marang urip.

25Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, bakal tumeka wektuné, malah wus tumeka, menawa wong mati padha krungu swantené Putraning Allah, lan sapa kang ngrungokaké iku bakal urip.

26Sabab padha kaya Sang Rama kagungan gesang ing sarirané piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus kaparengaké kagungan gesang ing sarirané piyambak.

27Sarta manèh wus kaparingan pangwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengané iku Putraning Manungsa.

28Kowé aja padha gumun marang prakara iku, sabab bakal tumeka waktuné yèn sakèhing wong kang ana ing kubur padha krungu swantené,

29kang kalakuané becik bakal metu lan tangi nuju marang urip langgeng, nanging kang kalakuané ala bakal tangi nuju marang paukuman.

30Aku ora bisa nindakaké apa-apa saka awakku dhéwé, anggonku ngadili iku manut karo apa kang dakrungu, sarta pangadilanku iku adil, amarga Aku ora nuruti karepku dhéwé, nanging manut karsané kang ngutus Aku.

31Menawa Aku neksèni bab awakku dhéwé, paseksiku iku ora bener.

32Ana liyané kang neksèni mungguh ing Aku lan Aku mangerti yèn paseksi kang kalairaké bab Aku iku bener.

33Kowé wus padha kongkonan marang Yohanes, lan wong iku wus neksèni bab kayektèn.

34Nanging Aku ora mbutuhaké paseksi saka manungsa, déné Aku tutur mangkono iku supaya kowé padha kapitulungan rahayu.

35Yohanes iku minangka lampu kang murub lan kang madhangi, nanging kowé iku mung sawatara mangsa baé anggonmu gelem ngrasakaké padhangé.

36Nanging Aku iki nduwèni paseksi kang ngungkuli paseksiné Yohanes, yaiku sakèhing pagawéan kang kaparingaké Sang Rama marang Aku, supaya daktindakaké. Pagawéan iku iya kang daktindakaké saiki, lan iku dadi paseksi anggoné Sang Rama ngutus Aku.

37Sang Rama kang ngutus Aku, Panjenengané kang neksèni piyambak mungguh ing Aku. Kowé ora tau krungu swantené utawa nyumurupi pasuryané,

38apadéné pangandikané ora tetep dumunung ana ing kowé, awit kowé padha ora pracaya marang Panjenengané kang kautus.

39Kowé padha nitipriksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka iku kowé nduwèni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku neksèni bab Aku,

40éwasamono kowé padha ora gelem marani Aku supaya nduwèni urip iku.

41Aku ora mbutuhaké pakurmataning manungsa.

42Nanging tumrap kowé, Aku wus mangerti, menawa ing atimu padha ora kadunungan katresnan marang Allah.

43Tekaku iki ing asmané Ramaku, nanging kowé padha ora nampani Aku. Menawa ana wong liya teka demi jenengé dhéwé iku bakal koktampani.

44Kowé iku anggonmu bisa padha pracaya kepriyé, déné padha ngarah urmat-ingurmatan, mangka kaurmatan kang saka Allah piyambak iku ora padha kokupaya.

45Kowé aja padha duwé pangira yèn Aku kang bakal nggugat kowé ana ing ngarsané Sang Rama; kang nggugat kowé, yaiku Musa kang dadi dununging pangarep-arepmu.

46Sabab menawa kowé padha pracaya marang Musa, mesthiné iya pracaya marang Aku, amarga panjenengané wus nyerat bab Aku.

47Nanging menawa kowé padha ora pracaya marang seratané Musa, kepriyé anggonmu bakal padha pracaya marang kang dakkandhakaké?"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel