Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 9 >> 

1Nalika Yésus langkung, Panjenengané pirsa wong kang wuta wiwit lair mula.

2Para sakabaté banjur munjuk pitakon marang Panjenengané, "Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang-sepuhipun, déné ngantos lairipun wuta makaten?"

3Paring wangsulané Yésus, "Dudu wong iki, lan iya dudu wong-tuwané, nanging iku supaya pakaryan-pakaryané Allah kababara ana ing wong iku.

4Aku lan kowé kabèh kudu padha nindakaké ayahané Panjenengané kang ngutus Aku, mumpung isih awan. Ana mangsané bengi lan ora ana wong kang bisa nglakoni pagawéan.

5Sasuwéné Aku ana ing donya, Aku iki pepadhangé jagat."

6Sawusé ngandika mangkono iku, Panjenengané banjur kecoh ing lemah, lan nggawé luluhan nganggo kecoh lan lemah mau, tumuli dilèlètaké ing mripaté wong wuta iku.

7Panjenengané banjur ngandika, "Lungaa, adusa menyang blumbang padusan ing Siloam." Siloam tegesé "Kang diutus". Wong wuta iku nuli mangkat lan adus; banjur bali manèh lan wus bisa ndeleng.

8Nanging tangga-tanggané lan wong-wong kang mauné weruh anggoné papriman banjur padha ngucap, "Apa wong iku dudu kang adaté papriman?"

9Ana kang mangsuli, "Bener, iya iku wongé." Ana manèh kang ngucap, "Dudu, mung madha rupa baé." Wong iku dhéwé banjur ngucap, "Leres, inggih kula punika tiyangipun."

10Wong-wong banjur padha takon, "Kepriyé mripatmu bisané melèk?"

11Wangsulané, "Tiyang ingkang namanipun Yésus damel luluhan siti, lajeng dipun lèlètaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika."

12Wong-wong mau takon manèh, "Wong iku saiki ana ngendi?" Wangsulané, "Kula mboten sumerep."

13Wong kang mauné wuta mau banjur padha kairid ngadhep para Farisi.

14Anadéné anggoné Yésus damel luluhan lemah lan ngelèkaké mripaté wong wuta mau pinuju dina Sabat.

15Mulané, para Farisi tumuli ndangu marang wong mau, kepriyé bisané melèk. Wangsulané, "Piyambakipun nglèlètaken luluhan siti ing mripat kula, kula lajeng adus, samangké kula saged ningali."

16Sawenèhing para Farisi mau ana kang ngucap, "Wong iku ora saka ing Allah, awit ora netepi pranatan dina Sabat." Liyané manèh ana kang ngucap, "Wong kang nandhang dosa kepriyé bisané gawé mukjijat kang kaya mangkono iku?" Temahan padha diya-diniya.

17Para Farisi banjur ndangu manèh marang wong kang mauné wuta iku, "Panganggepmu marang wong iku kepriyé, rèhné kowé kang dielèkaké mripatmu?" Aturé kang kadangu, "Panjenenganipun punika nabi."

18Nanging wong-wong Yahudi padha ora ngandel yèn wong iku mauné wuta lan lagi baé bisa ndeleng, nganti padha nimbali wong tuwané,

19sarta kadangu, "Apa iki anakmu kang kokkandhakaké yèn wuta wiwit lair mula? Yèn mangkono kepriyé déné saiki anakmu bisa ndeleng?"

20Wangsulané wong tuwané mau, "Ingkang sami kula mangertosi, bilih punika anak kula, saha wuta wiwit lair mila,

21nanging kadospundi déné sapunika saged ningali, kula sami mboten mangertos, sarta sinten ingkang ngelèkaken mripatipun, kula ugi sami mboten mangertos. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun badhé saged ngaturaken kawontenaning badanipun piyambak."

22Aturé wong tuwané kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wis padha sarujuk, yèn saben wong kang ngakoni Panjenengané iku Kristus, bakal disébrataké saka papan pangibadah.

23Mulané wong tuwané mau matur, "Piyambakipun sampun diwasa, kula aturi ndangu piyambak."

24Wong-wong mau banjur padha nimbali sepisan manèh marang wong kang mauné wuta iku, sarta dipituturi, "Kowé ngurmatana Allah; aku padha mangerti yèn wong iku wong dosa."

25Wangsulané wong mau, "Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula mboten mangertos; nanging satunggal prakawis ingkang kula mangertosi, kula suwaunipun wuta lan sapunika saged ningali."

26Pitakoné manèh, "Kowé dikapakaké? Kepriyé anggoné ngelèkaké mripatmu?"

27Wangsulané wong mau, "Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan mboten midhangetaken; punapaa déné panjenengan badhé midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kepéngin dados muridipun?"

28Wong mau nuli dipisuhi, pangucapé, "Kowé iku muridé, nanging aku kabèh iki murid-muridé Musa.

29Aku padha mangerti yèn Allah wis ndhawuhaké pangandika marang Musa, nanging mungguh Wong kaé aku padha ora weruh pinangkané."

30Wong mau tumuli mangsuli, "Lah, punika rak anèh, déné panjenengan malah sami mboten mangertos pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelèkaken mripat kula.

31Kula sami sumerep, bilih Allah punika mboten midhangetaken dhateng tiyang dosa, nanging nyembadani tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun.

32Wiwit rumiyin ngantos samangké dèrèng naté kepireng bilih wonten tiyang ingkang saged ngelèkaken mripatipun tiyang ingkang wuta lair mila.

33Manawi tiyang punika mboten saking Allah, Panjenenganipun mboten saged nindakaken punapa-punapa."

34Wangsulané wong-wong iku, "Kowé iku kalairaké sajroning dosa babar pisan, kok arep mulang aku?" Wong iku katundhung metu.

35Yésus midhanget menawa wong kang mauné wuta mau wis katundhung. Bareng Panjenengané mrangguli wong mau banjur dipangandikani, "Apa kowé pracaya marang Putraning Manungsa?"

36Atur wangsulané, "Panjenenganipun punika sinten, Gusti, supados kawula pitados dhateng Panjenenganipun?"

37Pangandikané Yésus, "Kowé ora mung weruh Panjenengané baé, nanging Panjenengané kang lagi ngandikan karo kowé, yaiku Panjenengané."

38Unjuké wong mau, "Kawula pitados, Gusti." Wong mau banjur sungkem sujud marang Panjenengané.

39Pangandikané Yésus, "Tekaku ing jagat iki arep ngadili, supaya sing sapa ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan sing sapa ndeleng padha dadia wuta."

40Pangandika iku kaprungu déning para Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong-wong iku tumuli munjuk, "Kula punika punapa inggih sami wuta?"

41Yésus paring wangsulan marang wong-wong mau, "Saupama kowé wuta, kowé padha ora duwé dosa. Nanging sarèhné kowé padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel