Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 7 >> 

1Isakar duwé anak lanang papat, yakuwi: Tola, Puah, Yasub lan Simron.

2Tola duwé anak lanang nenem: Uzi, Rafaya, Yerièl, Yahmai, Yibsam lan Samuèl. Wong-wong kuwi padha dadi leluhuré kaum Tola lan prejurit-prejurit sing kesuwur peng-pengan. Nalika jamané Raja Dawud, cacahé wong-wong mau ana 22.600.

3Uzi duwé anak lanang jenengé Yizrahya. Yizrahya lan anaké lanang papat, yakuwi: Mikhaèl, Obaja, Yoèl, lan Yisia kuwi padha dadi kepalané gotrah Uzi.

4Bojoné lan anak-anaké wong-wong mau akèh, nganti anak-turuné sing dadi tentara cacahé 36.000.

5Miturut cathetan resmi, wong lanang saka taler Isakar sing didaftar dadi prejurit 87.000.

6Bènyamin duwé anak lanang telu, yakuwi: Béla, Bèkèr lan Yediaèl.

7Béla duwé anak lanang lima, yakuwi: Èzbon, Uzi, Uzièl, Yérimot lan Iri. Kuwi padha dadi penggedhéné kulawarga lan kesuwur dadi prejurit-prejurit sing peng-pengan. Anak-turuné lanang sing kecathet dadi prejurit ana 22.034.

8Bèkèr duwé anak lanang sanga, yakuwi: Zemira, Yoas, Élièzer, Èlyoénai, Omri, Yérémot, Abia, Anatot lan Alèmèt.

9Miturut cathetan resmi cacahé wong lanang saka kulawarga-kulawarga anak-turuné wong-wong mau sing kecathet dadi prejurit ana 20.000.

10Yediaèl duwé anak lanang jeneng Bilhan. Bilhan duwé anak lanang pitu, yakuwi: Yéusi, Bènyamin, Éhud, Kenaanah, Zétan, Tarsis lan Ahisahar.

11Kuwi padha dadi penggedhéné kulawarga-kulawarga taler Bènyamin lan padha dadi prejurit sing kesuwur peng-pengan. Ing antarané anak-turuné mau ana wongé lanang 17.200 sing kecathet dadi prejurit.

12Supim lan Hupim kuwi anak-turuné Ir; déné Husim turuné Ahèr.

13Naftali duwé anak lanang papat, yakuwi: Yahzièl, Guni, Yèsèr lan Salum. Kuwi padha anak-turuné Bilha.

14Manasyè karo seliré wong Aram, duwé anak lanang loro: Asrièl lan Makhir nurunaké Giléad.

15Makhir nggolèkaké bojo kanggo Hupim lan Supim. Seduluré wadon Makhir jenengé Maaka. Anaké Makhir sing nomer loro jenengé Zélaféhad. Zélaféhad ora duwé anak lanang; anaké wadon kabèh.

16Maaka bojoné Makhir nglairaké anak lanang loro, jenengé Pèrès lan Sèrès; Pèrès duwé anak lanang loro, jenengé Ulam lan Rèkèm.

17Ulam duwé anak lanang siji, jenengé Bedan. Kuwi anak-turuné Giléad bin Makhir, putrané Manasyè.

18Seduluré wadon Giléad sing jeneng Molèkèt duwé anak lanang telu, yakuwi: Isyhod, Abièzèr lan Mikha.

19Semida duwé anak lanang papat: Ahian, Sèkhèm, Liki lan Aniam.

20(7:20-21) Éfraim duwé anak lanang telu, yakuwi: Sutélah, Èzèr lan Èlad. Sarasilahé Éfraim kuwi mengkéné: Sutélah, Bèrèd, Tahat, Èlada, Tahat, Zabad, Sutélah. Èzèr lan Èlad anaké Éfraim dipatèni nalika arep nyolong raja-kayané penduduk asli ing tanah Gad.

21(7:20)

22Bapakné nganakaké patangisan pirang-pirang dina, nganti sedulur-seduluré padha teka nglipur.

23Bojoné Éfraim banjur ngandheg menèh lan mbabar anak lanang. Bocah mau dijenengi Béria, merga kulawarga mau nalika semono ngalami kasangsaran.

24Éfraim duwé anak wadon jenengé Seéra. Kuwi sing ngedegaké kutha-kutha Bèt-Horon-Ngisor lan Bèt-Horon-Ndhuwur, kutha Uza lan kutha Seéra.

25Éfraim uga duwé anak lanang sing jenengé Réfah. Anak-turuné Réfah yakuwi: Rèsèf, Télah, Tahan,

26Ladan, Amihud, Élisama,

27Nun lan Yosua.

28Tanah sing dipandumaké dadi pandumané anak-turuné Rèsèf yakuwi Bètèl mengétan tekan Naaran, lan mengulon tekan Gèzèr, sarta désa-désa sakiwa-tengené kutha-kutha mau. Kutha-kutha liyané sing ana ing wilayah kono yakuwi Sikèm lan Aya, sarta désa-désa sakiwa-tengené.

29Anak-turuné Manasyè ngwasani kutha-kutha Bèt-Séan, Taanak, Megido, Dhor lan désa-désa sakiwa-tengené. Kuwi daérah sing dienggoni anak-turuné Yusuf bin Yakub.

30Anak-turuné Asyèr kuwi mengkéné: Asyèr duwé anak lanang papat, yakuwi: Yimna, Yiswa, Yiswi, Béria lan anak wadon siji, jenengé Sérah.

31Béria duwé anak lanang loro: Hèbèr lan Malkièl. Malkièl kuwi sing ngedegaké kutha Birzait.

32Hèbèr duwé anak lanang telu, yakuwi: Yaflèt, Somèr, Hotam lan anak wadon siji, jenengé Sua.

33Yaflèt uga duwé anak lanang telu, yakuwi: Pasakh, Bimhab, lan Aswat.

34Somèr, seduluré Yaflèt, duwé anak lanang telu: Ahi, Rohga lan Aram.

35Hotam, seduluré Yaflèt sijiné, duwé anak lanang papat, yakuwi: Zofah, Yimna, Sèlès lan Amal.

36Anak-turuné Zofah: Suah, Harnèfèr, Syual, Béri, Yimra,

37Bèzèr, Hod, Sama, Silsa, Yitran lan Baéra.

38Anak-turuné Yètèr yakuwi: Yéfuné, Pispa lan Ara.

39Anak-turuné Ula: Arah, Hanièl lan Risa.

40Kuwi kabèh tedhak-turuné Asyèr, sing padha dadi penggedhéné kulawarga-kulawarga lan kesuwur dadi prejurit-prejurit sing peng-pengan lan panglima-panglima sing digdaya. Sing kacathet dadi prejurit cacahé kabèh ana nemlikur èwu (26.000).



 <<  1 Tawarikh 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel