Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 14 >> 

1Yoab ngerti, yèn Raja Dawud kangen banget karo Absalom,

2mulané kongkonan methuk wong wadon sing pinter, sing manggon ing Tekoa. Bareng wong wadon mau wis teka, Yoab kandha, "Kowé kudu éthok-éthok susah; nganggoa sandhangan susah, sarta aja nganggo lenga wangi. Caramu kaya déné wong sing wis suwé nangisi wong sing ditresnani.

3Banjur sowana sang raja sarta aturna apa sing dakkandhakaké iki." Yoab banjur ngandhakaké apa sing kudu diaturaké.

4Wong wadon mau sowan sang raja, sarta sujud nyembah lan matur, "Dhuh Sang Prabu, mugi kersaa nulungi kawula!"

5"Ana apa?" pendanguné Raja Dawud. Wong wadon mau matur, "Kawula menika randha ingkang mlarat. Sémah kawula sampun tilar-donya.

6Kawula gadhah anak jaler kalih, lan ing setunggaling dinten laré menika sami paben ing ara-ara. Mergi mboten wonten tiyang ingkang misah, ingkang setunggal mejahi sedhèrèkipun.

7Lan samenika, sedaya sanak-kadang kawula sengit dhateng kawula saha nggugat supados kawula masrahaken anak kawula dhateng tiyang-tiyang menika, badhé dipun pejahi, mergi piyambakipun sampun mejahi sedhèrèkipun. Menawi kelampahan, kawula badhé kijènan, tanpa anak setunggal-tunggala. Tiyang-tiyang menika badhé numpes pengajeng-ajeng kawula ingkang kantun setunggal menika, mangka sémah kawula mboten nilar anak jaler ingkang nerusaken turunipun."

8"Muliha!" dhawuhé Sang Raja, "Aku bakal ngurus prekara iki."

9"Sang Prabu," aturé wong wadon mau, "Menapa kémawon ingkang panjenengan tindakaken, kawula saha brayat kawula ingkang badhé nanggel kalepatanipun. Sang Prabu saha kulawarganipun mboten kalepatan."

10Dhawuh wangsulané, "Yèn ana sing ngukum kowé, jaken mréné ketemu aku, mesthi dhèwèké ora bakal ngganggu kowé menèh."

11Aturé wong wadon, "Mugi panjenengan kersa ndedonga dhateng Allah panjenengan, supados tiyang ingkang badhé males ukum pejahipun laré kawula menika sampun ngantos nindakaken piawon ingkang langkung ageng malih kanthi mejahi laré kawula setunggalipun." Ngandikané Dawud, "Demi Gusti Allah sing gesang, anakmu babar-pisan ora bakal diganggu gawé."

12Wong wadon mau banjur matur, "Mugi kelilana kawula matur sekedhik malih." "Iya becik," dhawuhé sang raja.

13Aturé wong wadon mau, "Kanthi pangandika menika panjenengan sampun ngakeni, bilih panjenengan piyambak kagungan kalepatan mergi mboten nglilani putra panjenengan kondur saking pangungsèn. Menapa sebabipun panjenengan nindakaken kalepatan ingkang kados mekaten tumrap umatipun Gusti Allah?

14Kita sedaya badhé pejah; saupami kita menika toya ingkang wutah ing siti, mboten saged dipun wangsulaken malih. Gusti Allah mboten badhé maringi gesang dhateng tiyang ingkang sampun pejah. Dados mugi Sang Prabu kersa mbudi daya, supados tiyang bucalan menika saged wangsul malih.

15Kawula sowan Sang Prabu, mergi kawula dipun ancam tiyang. Kawula lajeng nggagas, saénipun kawula matur Sang Prabu kanthi pengajeng-ajeng panyuwun kawula menika badhé dipun jurungi.

16Kawula nginten panjenengan badhé midhangetaken saha milujengaken kawula saking ancamanipun tiyang ingkang badhé mejahi kawula saha anak kawula. Tiyang-tiyang menika kepéngin nyingkiraken kawula saking tanah ingkang dipun paringaken déning Allah dhateng umatipun.

17Kawula pitados, bilih janji panjenengan badhé ndadosaken wilujeng kawula, sebab Sang Prabu menika kados malaékating Allah, ingkang saged mbédakaken pundi ingkang saé lan pundi ingkang awon. Mugi Allah nunggil kaliyan panjenengan!"

18Wangsulané Sang Raja, "Ana saprekara sing arep daktakokaké marang kowé, wangsulana kanthi jujur." "Kula aturi ngandika," aturé wong wadon.

19Pangandikané Sang Raja, "Sing kongkonan kowé kuwi apa Yoab?" Aturé wong wadon mau, "Demi nyawa panjenengan, kawula mboten badhé saged nyélaki pendangon panjenengan. Pancèn saèstu, Yoab sampun maringi sumerep dhateng kawula, menapa ingkang kedah kawula lampahi saha kawula aturaken.

20Nanging piyambakipun tumindak mekaten wau kanggé ngrampungaken prekawis menika kanthi saé. Sang Prabu menika wicaksana kados malaékating Allah, saged nginten menapa kémawon ingkang kelampahan."

21Raja Dawud banjur nimbali Yoab lan ngandika, "Pepénginanmu bakal dakleksanani. Pethuken lan ejaken mréné."

22Yoab sujud ing ngarepé Raja Dawud, banjur matur, "Gusti Allah mberkahana panjenengan! Samenika kula mangertos bilih panjenengan tresna dhateng kula, mergi sampun njurungi panyuwun kula."

23Yoab banjur mangkat menyang Gésur lan methuk Absalom bali menyang Yérusalèm.

24Nanging ora dililani njujug kraton. "Aku emoh weruh dhèwèké," dhawuhé Raja Dawud. Dadi Absalom mulih menyang omahé dhéwé, lan ora sowan sang raja.

25Absalom dielem, yèn dhèwèké kuwi wong sing nggantheng dhéwé sak Israèl kabèh. Ora ana wong sing ngungkuli ngganthengé. Wiwit saka tlapakané nganti tekan ing mbun-mbunan ora ana cacadé.

26Rambuté ketel banget, lan saben taun kepeksa digunting, sebab kedawan sarta kaboten. Rambut sing dikethok waé boboté rong kilogram luwih, manut timbangan kraton.

27Absalom duwé anak lanang telu lan anak wadon siji sing ayu banget, jenengé Tamar.

28Wis rong taun Absalom manggon ing Yérusalèm, sarta durung tau séba marang ngarsané Sang Raja.

29Mulané ing sawijining dina Absalom ngundang Yoab, dikon sowan Raja Dawud, nanging Yoab ora gelem teka. Absalom ngundang sepisan engkas, nanging Yoab tetep ora gelem teka.

30Absalom banjur kandha karo baturé, "Kowé padha weruh, yèn tegalé Yoab sandhing tegalku, sing ditanduri juwawut. Lungaa, tegal kuwi obongen." Wong-wong mau banjur lunga, ngobong tegalé.

31Yoab banjur menyang omahé Absalom sarta takon, "Menapa sebabipun déné abdi sampéyan sami mbesmi tegal kula?"

32Wangsulané Absalom, "Sebabipun, nalika kula undang, sampéyan mboten purun dhateng. Kula badhé kèngkènan sampéyan séba ing ngarsanipun Sang Raja sarta nyuwun pirsa, ‘Menapa ginanipun kula késah saking Gésur lajeng mriki? Langkung saé menawi kula tetep manggèn wonten ing ngrika.’" Absalom nerusaké, "Sampéyan ikhtiyar supados kula saged sowan Sang Raja; déné menawi kula taksih gadhah kalepatan, kula sagah dipun ukum pejah."

33Yoab banjur sowan marang Raja Dawud sarta ngaturaké panyuwuné Absalom. Raja Dawud banjur nimbali Absalom, lan Absalom iya sowan, sujud ing ngarsané Raja Dawud. Sang Raja enggoné nampa nganggo ngaras Absalom.



 <<  2 Samuel 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel