Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 10 >> 

1Réhabéam tindak menyang Sikèm, merga rakyat Israèl sisih Lor wis padha nglumpuk ana ing kono arep ngangkat panjenengané dadi raja.

2Bareng Yérobéam bin Nébat, sing ngungsi menyang tanah Mesir merga ngoncati Raja Suléman, krungu, banjur énggal-énggal bali menyang tanah Israèl.

3Yérobéam pancèn diundang déning rakyat Israèl sisih Lor diajak ngadhep Réhabéam bebarengan. Aturé rakyat marang Réhabéam,

4"Sesanggènipun keng rama Suléman kanggé kula awrat sanget. Menawi panjenengan kersa paring kaènthèngan, kula sami badhé sumuyud dhateng panjenengan."

5Wangsulané Réhabéam, "Dakpikiré dhisik. Telung dina engkas balia mréné." Wong-wong mau banjur padha mulih.

6Réhabéam banjur njaluk rembug karo wong tuwa-tuwa sing biyèn dadi penaséhaté Raja Suléman, ramané Réhabéam. Tembungé, "Aku kudu muni apa karo wong-wong kuwi? Rembugmu kepriyé?"

7Wangsulané wong tuwa-tuwa mau, "Menawi panjenengan nindakaken kasaénan dhateng tiyang-tiyang menika lan nglegani manahipun srana paring wangsulan ingkang saé, tiyang-tiyang menika temtu badhé setya dhateng panjenengan ing selami-laminipun."

8Nanging Réhabéam ora manut rembugé wong tuwa-tuwa mau. Malah nekani wong nom-nom pantarané, sing didadèkaké penaséhaté.

9Pitakoné Réhabéam marang wong nom-nom mau, "Aku kudu mangsuli kepriyé karo wong-wong sing padha njaluk kaènthènganing sesanggané?"

10Wangsulané wong nom-nom mau, "Prayogi panjenengan ngandika mekaten, ‘Saringkih-ringkihku aku isih luwih rosa ketimbang karo bapakku.

11Bapakku paring sesanggan sing abot marang kowé, nanging aku bakal awèh sesanggan sing luwih abot menèh. Yèn bapakku nggebugi kowé nganggo penjalin, aku bakal mecuti kowé nganggo cemethi kawat sing ana eriné!’"

12Let telung dina Yérobéam lan wong kabèh padha ngadhep marang Raja Réhabéam menèh, kaya sing wis kadhawuhaké.

13Kosokbaliné saka rembugé para wong tuwa, Raja Réhabéam ngandika marang rakyat kanthi sengak,

14kaya rembugé wong nom-nom, "Sesanggané bapakku kokanggep abot, sesanggan sing saka aku bakal luwih abot menèh. Yèn bapakku nggebugi kowé nganggo penjalin, aku bakal mecuti kowé nganggo kawat sing ana eriné!"

15Dadi panyuwuné rakyat ora digatèkaké. Nanging sing mengkono mau pancèn wis dikersakaké déning Allah, merga apa sing diweca déning Nabi Ahia bab Yérobéam bin Nébat, kudu kelakon.

16Bareng ngerti yèn Réhabéam nampik panyuwuné rakyat, wong-wong mau banjur padha bengok-bengok, "Aja urusan karo Dawud lan anak-turuné! Pancèn padha ora tau gawé becik marang kita. Ayo wong Israèl, padha mulih waé. Karebèn Réhabéam kapiran!" Dadi rakyat Israèl padha mbrontak,

17lan Réhabéam mung ngerèh wilayah Yéhuda thok.

18Raja Réhabéam ndhawuhi Adoniram, penggedhé sing ngurusi para buruh kerja-peksan, supaya nentremaké rakyat. Nanging Adoniram malah dibenturi watu nganti mati. Pirsa lelakon mau Réhabéam énggal-énggal nyéngklak krétané nggeblas kondur menyang Yérusalèm.

19Wiwit dina kuwi rakyat Israèl sing sisih Lor tansah nglawan marang raja-raja turuné Dawud.



 <<  2 Tawarikh 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel