Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 1 >> 

1Nalika Korèsy enggoné jumeneng raja Pèrsia durung nganti ganep setaun, Gusti Allah wis ngélingaké supaya wong-wong padha netepi pangandikané Allah lantaran Nabi Yérémia; mula Korèsy ngumumaké srana lisan lan tulisan marang wong sanegara kabèh, mengkéné:

2"Dhawuhé Korèsy raja Pèrsia mengkéné, ‘Gusti Allah ing swarga wis maringaké sakèhé kraton sajagad iki marang aku. Aku dikersakaké ngedegaké Pedaleman kagem Panjenengané ana ing kutha Yérusalèm, tanah Yudéa.

3Muga-muga Gusti Allah nunggila karo sapa waé sing dadi umaté. Wong-wong mau budhala mulih menyang Yérusalèm, ing tanah Yudéa lan ngedegna Pedalemané Pangéran, Allahé Israèl, Allah sing disembah ing Yérusalèm.

4Yèn ana umaté Allah ing manca negara sing mbutuhaké pitulungan kanggo lakuné mulih, para tangga-teparoné wajib padha awèh sokongan. Kudu padha nguruni slaka lan emas, raja-brana lan kéwan, apa déné pisungsung kanggo Pedalemané Allah kang ana ing Yérusalèm.’"

5Para penggedhéné taler Yéhuda lan Bènyamin, para imam lan para wong Lèwi lan sakèhé wong sing atiné diosikaké déning Allah mulih menyang Yérusalèm saprelu ngedegaké Pedalemané Allah, banjur padha tata-tata arep budhal.

6Tangga-teparoné banjur padha nguruni barang-barang saka slaka lan emas sarta raja-brana lan kéwan, apa déné barang liya-liyané sing pengaji, kejaba kuwi iya pisungsung kanggo saos kurban mana suka.

7Raja Korèsy iya dhawuh ngetokaké praboté Pedalemané Allah sing dirampas déning Nebukadnésar saka Yérusalèm lan disimpen ana ing papan pamujané brahala.

8Korèsy raja Pèrsia dhawuh mbalèkaké barang-barang mau kabèh. Mitredat, penggedhéné bendaharané Sang Prabu nacahaké barang-barang mau kabèh, banjur dipasrahaké marang Sèsbazar, penggedhéné Yéhuda.

9Daftaré barang-barang mau mengkéné: bokor emas telung puluh, bokor slaka sèwu, péso sangalikur,

10tuwung emas telung puluh, tuwung slaka patang atus sepuluh, lan barang-barang liyané sèwu iji.

11Barang-barang emas lan slaka mau kabèh cacahé limang èwu patang atus. Kabèh digawa bali Sèsbazar menyang Yérusalèm, bebarengan karo wong-wong buwangan sing padha mulih saka Babil.



 <<  Ezra 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel