Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 26 >> 

1Gusti Allah ngandika, "Aja gawé brahala utawa reca, lan tugu watu ukir-ukiran kanggo sesembahan. Aku iki Pangéran, Allahmu.

2Padha nucèkaké dina Sabbat, dina-dina riaya liyané, lan Pedaleman-Ku. Aku iki Allah.

3Yèn kowé padha netepi angger-angger-Ku lan nglakoni prenatan-prenatan-Ku,

4Aku bakal paring udan ing mangsané, temah bumi bakal ngetokaké asilé, lan wit-witan bakal ngetokaké woh.

5Pametuné palemahan bakal lubèr-lubèr. Durung rampung olèhmu ngenèni gandum, kowé wis kudu ngundhuh anggur. Lan wis tekan wayahé nyebar gandum, kowé isih ngundhuh anggur. Kowé ora bakal padha kekurangan pangan, lan manggon klawan ayem ing tanahmu.

6Aku bakal nekakaké katentreman ing negaramu, nganti kowé bisa padha turu kepénak tanpa ana sing koksumelangaké. Kéwan galak bakal Daksingkiraké saka tanahmu lan ora bakal ana peprangan menèh.

7Mungsuhmu bakal koktelukaké kabèh.

8Wong lima ing antaramu bakal ngalahaké wong satus, lan wong satus bisa ngalahaké wong sepuluh èwu.

9Kowé bakal Dakberkahi lan Dakparingi sugih anak. Apa janji-Ku marang kowé, bakal Daktetepi.

10Panènmu bakal lubèr-lubèr, nganti ora entèk kokpangan setaun. Malah kowé bakal mbuwang sisané panèn sing kepungkur, supaya ana panggonan kanggo nyimpen panèn sing anyar.

11Aku bakal dedalem ing tengahmu ing Kémah Suci-Ku, lan ora bakal ninggal kowé.

12Aku bakal nunggal karo kowé lan jumeneng dadi Allahmu, sarta kowé dadi umat-Ku.

13Aku, Pangéran Allahmu, sing ngirid kowé saka ing tanah Mesir, supaya kowé ora dadi batur-tukon menèh. Pangwasa sing nindhes kowé wis Dakremuk, supaya kowé dadi wong merdika."

14Gusti Allah ngandika, "Sapa sing ora netepi pepakon-Ku bakal diukum.

15Yèn kowé padha nerak prejanjian-Ku lan ngemohi angger-angger lan pepakon-pepakon-Ku,

16kowé bakal Dakukum. Aku bakal nekakaké kasangsaran marang kowé. Yakuwi lara panas sing ora kena diwarasaké, sing marakaké mripatmu dadi wuta lan uripmu ngenes. Kowé bakal padha nyebar wiji, nanging ora mangan pametuné, sebab mungsuh-mungsuhmu bakal teka nelukaké kowé lan ngentèkaké apa sing koktandur.

17Kowé bakal Dakajar, nganti bakal ditelukaké déning mungsuh-mungsuhmu, lan wong sing sengit marang kowé kuwi sing bakal ngerèh kowé. Saka wediné kowé bakal padha mlayu, senajan ora ana sing ngoyak.

18Yèn sawisé ngalami kuwi kabèh kowé meksa durung gelem mbangun-turut, paukuman-Ku bakal Daktikelaké pitu.

19Kowé pancèn puguh banget, nanging bakal Dakeluk. Ora bakal ana udan, nganti lemahmu bakal garing, dadi atos kaya watu.

20Kangèlanmu bakal tanpa gawé, sebab lemahmu bakal ora ngetokaké apa-apa, wit-witan sing koktandur bakal ora ngetokaké woh.

21Yèn kowé meksa isih durung gelem mbangun-turut marang Aku, paukuman-Ku bakal Daktikelaké pitu menèh.

22Aku bakal nekakaké kéwan galak, sing nubruk anak-anakmu, mangsa raja-kayamu lan kowé dhéwé nganti ludhes, mula cacahmu kari sethithik, nganti dalan-dalan ing tanahmu bakal dadi sepi.

23Yèn sawisé lelakon kuwi kabèh kowé meksa durung gelem mbangun-turut, malah tetep nglawan marang Aku,

24kowé bakal terus Dakajar lan aboté ukuman-Ku bakal Dakgawé tikel pitu ketimbang sing uwis-uwis.

25Aku bakal nekakaké peprangan kanggo ngajar kowé merga enggonmu nerak prejanjian-Ku. Lan samasa kowé ngungsi ana ing kutha, Aku bakal nekakaké pageblug, yakuwi lelara sing ora kena diwarasaké, nganti kowé bakal kepeksa pasrah bongkokan marang mungsuhmu.

26Kowé bakal kentèkan pangan, nganti wong wadon sepuluh cukup nganggo panggangan roti siji, kanggo manggang rotiné. Pangan bakal dipanci, lan senajan wis mangan éwadéné bakal isih ngelih.

27Yèn sawisé mengkono kowé meksa isih nglawan marang Aku lan ora gelem mbangun-turut,

28Aku bakal duka lan nibakaké bebendu sing aboté tikel pitu ketimbang karo sing uwis-uwis.

29Kowé bakal keluwèn nganti téga mangan anakmu dhéwé.

30Panggonanmu nyembah brahala ing punthuk-punthuk bakal Dakgempur, mesbèh-mesbèhmu sing kokenggo ngobong menyan bakal Dakjugrugaké, lan bangké-bangkému bakal Daktumpangaké ing bathangé brahala-brahalamu sing wis ambruk. Kowé bakal Daktampik,

31kutha-kuthamu bakal Daklebur, panggonan-panggonan sing kokenggo memuja brahalamu bakal Dakgempur, lan Aku bakal ora sudi nampa kurban-kurban sing koksaosaké.

32Negaramu bakal Dakdadèkaké ludhes nganti mungsuh-mungsuhmu bakal gumun ndeleng karusakan sing semono mau.

33Aku bakal nekakaké peprangan ing tanahmu, lan kowé bakal Daksebar ing antarané para bangsa. Palemahanmu bakal dadi ara-ara samun, lan kutha-kuthamu bakal kari reruntuhan.

34(26:34-35) Ing wektu kuwi lemahmu sing ora tau kokwènèhi ngaso, bakal ngrasakaké ngaso. Sajroné kowé padha ana ing pembuwangan, lan urip ing antarané mungsuh-mungsuhmu, lemahmu bakal ora kegarap.

35(26:34)

36Ana ing pembuwangan, ing tanahé mungsuh-mungsuhmu kowé bakal tansah nandhang giris, nganti krungu kumrisiké godhong sing keterak angin waé kowé bakal mlayu merga wedi. Kowé bakal keplayu kaya wong sing dioyak mungsuh ing peprangan, lan kowé bakal padha tiba, senajan ing kiwa-tengenmu ora ana mungsuh.

37Kowé bakal padha mlayu, sing siji nabrak sijiné, senajan ora ana sing ngoyak, sarta kowé bakal ora keconggah nglawan apa waé sing kokanggep mungsuh.

38Kowé bakal padha mati ing tanah pembuwangan, tumpes déning mungsuh sing negarané kokenggoni.

39Mung sapérangan cilik kekarèné bangsamu bakal urip menggrak-menggrik ana ing tanahé mungsuhmu merga saka paneraké dhéwé lan paneraké para leluhuré.

40Nanging anak-turunmu bakal ngrumangsani paneraké dhéwé lan paneraké leluhuré, yakuwi enggoné nglawan marang Aku, lan mbrontak Aku,

41nganti Dakbuyaraké lan Daksebar ana ing negara-negaraning mungsuhé. Wekasané, sawisé anak-turunmu mau gelem ngrumangsani lan nyangga paukumané dosané enggoné mbrontak Aku,

42Aku bakal ngélingi prejanjian-Ku, yakuwi maringaké tanah mau marang umat-Ku.

43Nanging tanah kuwi kudu disuwungaké, supaya bisa aso temenan. Lan umat-Ku kudu nyangga sakèhing paukumané enggoné ora gelem nglakoni angger-angger-Ku lan ora ngèstokaké pepakon-pepakon-Ku.

44Senajana mengkono selawasé manggon ing negarané mungsuh, ora bakal Daktégakaké utawa Daksirnakaké. Merga saupama Daksirnakaké ateges Aku ora setya karo janji-Ku, mangka Aku iki Pangéran, Allahé.

45Aku bakal éling marang prejanjian-Ku karo para leluhuré, sing Dakirid metu saka ing tanah Mesir srana ngetingalaké pangwasa-Ku marang para bangsa kabèh, maksudé supaya Aku jumeneng dadi Allahé."

46Kaya mengkono angger-angger lan prenatan-prenatan sing diparingaké déning Allah ana ing Gunung Sinai, marang Musa, kanggo bangsa Israèl.



 <<  Imamat 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel