Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 9 >> 

Ulemane kawicaksanan lan ulemane kabodhoan

1Kawicaksanan wus yasa daleme, lan wus ngedegake sakane pitu,

2wus mragat kewane sembelehan, wus nyampur anggure, lan wus nyawisake pasugatane.

3Para abdine wadon wus padha didhawuhi nguwuh-uwuh ana ing papan kang dhuwur ing kutha, panguwuhe:

4“Sapa kang ora duwe pangalaman, padha mrenea,” lan para wong kang cupet ing budi, didhawuhi mangkene:

5“Mara padha mangana roti peparingSun, lan ngombea anggur kang wus Suncampur;

6ninggala kabodhoan, supaya padha urip, lan nuruta dalane pangreten.”

7Sing sapa mulang wong kang ambek memoyok, iku nekakake pamoyok marang awake dhewe, lan sing sapa melehake wong duraka, oleh panacad.

8Aja melehake wong ambek memoyok, supaya kowe ora disengiti, wong wicaksana iku welehna, kowe bakal ditresnani.

9Wong wicaksana pituturana, temah kawicaksanane mundhak, wong mursid wulangen, temah bakal mundhak kawruhe.

10Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, lan wanuh marang Kang Mahasuci iku pangreten.

11Marga saka Ingsun umurira kawuwuhan, lan taun-tauning uripira katambahan.

12Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe, sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung.

13Wong wadon bodho iku criwis, banget anggone ora duwe pangalaman lan ora duwe isin.

14Lungguh ana ing ngarepe lawange omahe, ana ing kursi ing papan-papan kang dhuwur ing kutha,

15lan wong kang padha lumaku liwat ing dalan, kang jujur lakune padha diundang, celathune:

16“Sapa kang ora duwe pangalaman, iku padha mrenea,” lan wong kang cupet budine iku dituturi:

17“Banyu colongan iku legi, lan roti kang dipangan kalawan ndhelik-ndhelik iku enak.”

18Mangka wong kang cupet ing budi mau ora sumurup yen ing kono dununge arwah-arwah lan wong-wong kang diampirake wong wadon mau ana ing jagade wong mati.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel