Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 17 >> 

1Semangatku wus rusak, umurku wus tumeka ing wekasane, sarta aku wus kacawisan kuburan.

2Sanyata aku iki dadi poyokan, mripatku kepeksa ndeleng anggone padha tantang-tantangan.

3Mugi Paduka karsaa dados tetanggelan kawula wonten ing ngarsa Paduka piyambak. Manawi boten makaten sinten malih ingkang saged ngwontenaken pasarujukan kangge kawula?

4Awit manahipun sampun sami Paduka dadosaken buntet. Mila Paduka boten maringi kaunggulan.

5Sing sapa nggugatake mitra-mitrane supaya oleh kauntungan, mripate anak-anake bakal dadi lamur.

6Aku wus didadekake pocapan ana ing satengahing para bangsa, sarta dadi wong kang diidoni raine.

7Mripatku dadi lamur marga saka susah, kabeh peranganing awakku dadi kaya wewayangan.

8Para wong kang jujur padha kaeraman marga saka kang mangkono iku, lan wong kang ora luput dadi nepsu marang wong duraka.

9Sanadyan mangkono wong mursid lestari lumaku ana ing dalane, sarta wong kang resik tangane saya mundhak santosa.

10Nanging kowe kabeh, mara padha balia! Aku ora bakal mrangguli wong wicaksana ana ing tengahmu.

11Umurku wus kliwat, wus gagal rancangan-rancanganku, kang dadi idham-idhamanku.

12Bengi bakal padha didadekake awan: padhang bakal enggal jumedhul saka ing peteng, mangkono kandhane.

13Manawa aku ngarepake jagade wong mati dadi omahku, nyawisake paturonku ana ing pepeteng,

14sarta calathu marang luwang kuburan: Kowe iku bapakku, lan marang set: Biyungku tuwin sadulurku wadon,

15banjur apa pangarep-arepku? Sapa kang sumurup manawa aku duwe pangarep-arep?

16Iku bakal padha tumurun menyang ing dhasaring jagade wong mati, manawa aku padha bebarengan tumurun menyang ing sajroning lemah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel