Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 5 >> 

Pandonga murih kabangun maneh

1Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengeti punapa ingkang sampun sami kawula alami, mugi Paduka karsaa mirsani saha ngudaneni dhateng kawontenan kawula ingkang asor punika.

2Tanah pusaka kawula sampun dhumawah dhateng bangsa sanes, griya-griya kawula dhateng tiyang ngamanca.

3Kawula sami dados lare lola, boten gadhah bapa, biyung kawula sami kados randha.

4Anggen kawula ngombe toya srana tumbas, sarta anggen kawula ngangge kajeng mawi mbayar.

5Kawula sami dipun bujeng-bujeng wonten ing celakan, sami sayah nanging boten angsal ngaso.

6Kawula sampun sami ngathungaken tangan dhateng tiyang Mesir, saha dhateng tiyang Asyur, supados sageda nedha tuwuk.

7Para leluhur kawula ingkang sami damel dosa sampun boten wonten, kawula ingkang katempah ing durakanipun.

8Rencang tumbasan sami mrentah kawula, boten wonten ingkang ngluwari kawula saking tanganipun.

9Anggen kawula pados tedha klayan toh pejah margi saking wontenipun pedhang ing pasamunan.

10Kulit kawula mengangah kados prapen, margi saking sangeting kaluwen.

11Para tiyang estri ing Sion sami dipun roda-peksa, makaten ugi prawan-prawan ing kitha-kithanipun Yehuda.

12Para pemimpin sami kagantung dening tanganipun mengsah, para sesepuh boten dipun urmati.

13Tiyang nem-neman sami dipun kedahaken mikul gilingan, lare-lare sami ambruk margi kawraten anggenipun ngrembat kajeng.

14Para sepuh sami boten keklempakan malih wonten ing gapuraning kitha, para nem-neman kendel anggenipun nylempung.

15Kabingahaning manah kawula sampun ical, beksan kawula sami malih dados kasisahan.

16Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas; amargi kawula sampun sami damel dosa.

17Inggih margi saking makaten punika manah kawula sakit, inggih margi saking makaten punika mripat kawula lajeng dados bliwur.

18Awit saking redi Sion ingkang sampun ludhes, segawon-segawon wana sami pating kluyur wonten ngriku.

19Dhuh Yehuwah, Paduka punika jumeneng langgeng, dhampar Paduka boten ewah gingsir ing salami-laminipun.

20Kenging punapa dene Paduka ngantos boten enget dhateng kawula sadaya ing salaminipun, punapaa dene kawula Paduka tegakaken ngantos lami?

21Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami Paduka wangsulaken dhateng Paduka, temahan sami badhe mratobat, kawontenan kawula mugi Paduka pulihaken malih kados kala rumiyin.

22Utawi punapa Paduka badhe nampik dhateng kawula sadaya babar-pisan? Punapa Paduka duka sanget dhateng kawula?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel