Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 48 >> 

Pangeran Yehuwah nyipta kaanan kang anyar

1Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub, kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israel lan kang padha dadi turune Yehuda, kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwah tuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel -- nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati --

2malah kang padha nyebut awakira dhewe manut kutha suci lan sumendhe marang Gusti Allahe Israel, Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah asmane;

3pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lelakon-lelakon kang wus kapungkur wus Sunwartakake wiwit ing jaman kuna, iku wus Sunngandikakake lan wus Sunpratelakake. Sawuse mangkono iku banjur dadakan Suntindakake uga sarta iku kabeh wus padha kelakon.

4Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal, wangkot lan nggugu karepira dhewe,

5mulane Ingsun martakake bab iku wiwit ing kuna mula; sadurunge iku kelakon, wus Sunpangandikakake marang sira, supaya sira aja celathu: Brahalaku kang nindakake iku, recaku tatahan lan recaku cithakan kang ndhawuhake iku.

6Sira wus krungu bab iku kabeh lan saiki sira ndelenga; apa sira ora padha gelem ngakoni dhewe? Ingsun paring pawarta bab prakara-prakara kang anyar wiwit saiki, tuwin bab-bab kang sumimpen kang durung sira sumurupi.

7Lagi saiki bab-bab iku anggone kaanakake ora dhek biyen; sadurunge sira ora krungu bab iku, iku supaya sira aja celathu: Aku pancen wus sumurup kok!

8Sira ora krungu utawa sumurup, uga kupingira ora kawengakake wiwit biyen mula; nanging Ingsun wus nguningani, manawa sira tumindak kiyanat kang nistha banget, lan wong ngarani sira: wong kang mbalela wiwit ana ing sajrone guwa-garba.

9Marga saka asmaningSun Ingsun ngampet dukaningSun lan marga saka misuwuringSun, Ingsun paring palimirma marang sira, satemah sira ora Sunsirnakake.

10Lah sira wus Sundadekake murni, nanging ora kaya salaka, nanging sira wus Sunuji ana ing pawoning kasangsaran.

11AnggoningSun bakal nindakake iku marga saka Ingsun, iya marga saka Ingsun piyambak, amarga asmaningSun kok arep kanajisake! Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang liyane!”

Pangeran Yehuwah nebus Israel

12“Rungokna Ingsun, he Yakub, lan sira Israel kang Suntimbali! Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan, lan uga Ingsun kang wekasan!

13AstaningSun kang uga nalesi bumi, tuwin astaningSun tengen kang njereng langit. Nalika Ingsun nyebut jenenge, banjur padha muncul jumedhul kabeh.

14Sira padha nglumpuka kabeh lan ngrungokna! Sapa panunggalane kang mratelakake iki kabeh? Wong kang kinasihan dening Pangeran Yehuwah bakal nindakake karsaning Yehuwah tumrap Babil lan ngatonake kakiyataning astane Sang Yehuwah marang wong Kasdim.

15Ingsun, iya Ingsun kang ngandika mangkono tuwin kang nimbali uga, Ingsun kang nekakake wong iku lan sakehing tumindake bakal kasembadan.

16Padha nyedhaka ing ngarsaningSun, iki rungokna: Wiwit biyen Ingsun ora tau ngandika kalawan sidheman lan sajrone bab iku kelakon, Ingsun ana ing kono.” Tuwin saiki Gusti Allah ngutus aku kalawan Rohe.

17Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.

18Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.

19Turunira bakal kaya wedhi tuwin anak-putunira kehe kaya laslasane; jenenge ora bakal kasirnakake utawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.”

20Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim! Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak! Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi! Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”

21Wong iku padha ora kasatan, nalika katuntun dening Panjenengane ngliwati ara-ara samun; Panjenengane ngwedalake banyu saka ing gunung parang. Gununge parang kebengkah banjur metu banyune.

22“Para wong duraka padha ora kadunungan tentrem rahayu!” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 48 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel