Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 24 >> 

1Aja mèri karo wong ala, lan aja memitran karo wong sing kaya mengkono.

2Wong mau gawéné mung ngrancang-ngrancang piala; sing digunem mung olèhé arep gawé cilakané liyan.

3Omah kuwi ngadegé didhasari kawicaksanan lan

4merga pangertèn kamar-kamaré diisi prabot lan barang-barang pèni sing akèh ajiné.

5Wong wicaksana kuwi wibawané luwih gedhé ketimbang karo wong rosa. Pancèn mengkono, kawruh kuwi luwih penting tinimbang kekuwatan.

6Sebab wong sing kepéngin menang, dhisik dhéwé kudu duwé rancangan sing apik sadurungé miwiti perang, mangka rancangan sing apik, yakuwi yèn akèh sing mènèhi rembug.

7Wong sing tanpa budi ora ngerti surasané bebasan sing jero. Wong mau ora bisa urun rembug apa-apa samasa ana prekara penting.

8Sing sapa tansah ngrancang piala, bakal karan wong jail.

9Apa sing kewetu saka wong tanpa budi mau anané mung piala. Wong sing seneng gawé cilakané liyan kuwi disengiti saben wong.

10Yèn ing mangsa karubedan kowé cilik ing ati, kuwi nélakaké yèn kowé pancèn ora duwé kekuwatan.

11Aja mangu-mangu ngluwari wong sing diukum pati, ikhtiyarna luwaré wong sing arep digantung.

12Bisa uga kowé duwé penganggep yèn kuwi dudu urusanmu, nanging Gusti Allah pirsa alasanmu sing satemené. Panjenengané rak ngulataké kowé, lan bakal ngganjar manut penggawému.

13Hé anakku, mangana madu, sebab kuwi becik kanggo kuwarasanmu. Kaya déné madu saka ing tala mau rasané legi ing ilat,

14semono uga kawicaksanan tumraping nyawa. Mulané nduwènana kawicaksanan, mesthi mbésuk uripmu bakal kepénak.

15Aja kaya wong ala sing ngrancang-ngrancang mbégal wong mursid, utawa ngrebut omahé.

16Sebab senajan wong mursid kerep ambruk, nanging mesthi tangi menèh, nanging wong ala bakal tumpes déning bilai.

17Aja seneng yèn mungsuhmu nemu bilai, lan aja bungah-bungah yèn mungsuhmu keplèsèt.

18Sebab yèn Gusti Allah pirsa, kowé mesthi dianggep ala ing ngarsané lan Panjenengané dadi murungaké enggoné arep males marang mungsuhmu mau.

19Kowé aja kwatir bab wong ala, lan aja mèri marang wong mau.

20Wong ala mono ora duwé pengarep-arep bab kaanané ing mbésuké.

21Hé anakku, wedia marang Allah lan ngurmatana Sang Prabu. Aja mèlu-mèlu karo wong sing mbaléla marang Allah lan Sang Prabu.

22Wong sing mengkono sawayah-wayah bisa ketekan bilai, mangka kowé ngerti sepira gedhéné bilai mau.

23Ing ngisor iki bebasan anggitané para wicaksana. Ana ing pengadilan, hakim ora kena mawang wong.

24Hakim sing nyalahaké wong bener bakal diipat-ipati lan disengiti déning saben wong.

25Nanging hakim sing ngukum wong sing salah bakal begja uripé lan olèh jeneng apik.

26Sing sapa awèh wangsulan kang jujur kuwi mitra sing sejati.

27Aja ngedegaké omah utawa mbangun brayat dhisik yèn pegawéan ing pategalanmu durung kokgarap nganti rampung, supaya kowé duwé apa sing arep kokenggo sangu urip.

28Aja nggorohi pepadhamu lan aja ngapusi pepadhamu.

29Kowé aja kandha, "Wong kuwi arep dakwales kaya penggawéné marang aku!"

30Tau aku liwat ing palemahané wong kesèd, lan ing pakebonan angguré wong tanpa pikiran.

31Wah kabèh kebak rerungkudan, lemahé ketutupan ing lateng lan témboké jugrug kabèh.

32Kuwi kabèh daktamataké lan aku olèh piwulang.

33Sing sapa muni, "Turu sedhéla engkas, ngantuk sedhéla engkas, sedhakep sedhéla engkas, lèyèh-lèyèh sedhéla engkas,"

34wong kuwi sajroné isih turu bakal ketekan kemiskinan kaya rampog sing nggawa gegaman.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel