Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 8 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Harun lan anak-anaké prenahna ing lawangé Kémah Palenggahané Allah. Nggawaa penganggoné imam, lenga jebad, sapi lanang nom kanggo kurban pangruwating dosa, wedhus gèmbèl loro, lan roti tanpa ragi sewakul.

3Sawisé kuwi umat Israèl kandhanana, supaya nglumpuk ing panggonan kono."

4Musa nglakoni apa sing didhawuhaké déning Allah. Bareng umat Israèl wis padha nglumpuk kabèh,

5Musa banjur kandha mengkéné, "Apa sing arep daktindakaké saiki, iki atas dhawuhé Allah."

6Musa banjur nganthi Harun lan anak-anaké maju lan dikon sesuci, wisuh manut prenatané agama.

7Harun banjur dienggoni rangkepan lan jubah sarta sabuk. Sawisé kuwi banjur dienggoni éfod lan lambungé disabuki, sing digawé saka tenunan alus,

8banjur masang tutupé dhadhané. Ing njeroné tutup dhadha mau dipasangi Urim lan Tumim.

9Harun banjur dienggoni serban. Ing serban sisih ngarep dipasangi rerenggan emas. Kuwi tandhané yèn Harun wis dadi kagungané Allah. Kabèh mau ditindakaké déning Musa miturut dhawuhé Allah.

10Musa banjur njupuk lenga jebad kanggo njebadi Kémah Palenggahané Allah lan sakèhing piranti sing ana ing Kémah kono.

11Lenga jebad mau salong diciprat-ciprataké rambah ping pitu ing mesbèh lan sakèhé pirantiné, iya ing jembangan lan umpaké. Srana mengkono barang-barang mau disucèkaké kagem Allah.

12Sawisé mengkono Harun banjur ditetepaké déning Musa, srana ngesokaké lenga jebad ing sirahé Harun.

13Musa banjur akon anak-anaké Harun maju, dienggoni kuluk kaya sing didhawuhaké déning Allah marang Musa.

14Musa banjur njupuk sapi lanang nom siji, disaosaké dadi kurban pangruwating dosa. Harun lan anak-anaké banjur padha numpangaké tangané ing endhasé sapi.

15Sapiné nuli disembelèh. Musa njupuk getihé sawetara, dilèlètaké nganggo drijiné ing sungu-sungu sing ana ing pojok-pojoké mesbèh supaya mesbèh mau disucèkaké kagem Allah. Turahané getih banjur disiramaké ing sikilé mesbèh mubeng. Mengkono patrapé mesbèh mau disucèkaké lan disaosaké marang Allah manut prenataning Allah.

16Sawisé kuwi Musa banjur njupuk gajih sing nèmplèk ing jeroané sapi sing wis disembelèh mau. Uga njupuk péranganing ati sing apik dhéwé lan ginjel sagajihé. Kabèh mau nuli diobong ing mesbèh.

17Turahané sapi mau, iya daging, lulang sarta ususé, diobong ing sanjabané Kémah, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

18Musa banjur njupuk wedhus gèmbèl lanang kanggo kurban obongan; Harun lan anak-anaké padha numpangaké tangané ing endhasé wedhus mau.

19Musa banjur nyembelèh kéwan kuwi, getihé disiramaké ing sikilé mesbèh mubeng.

20(8:20-21) Sawisé kuwi wedhusé banjur ditengkel-tengkel, jeroané lan sampilé diresiki nganggo banyu. Endhas, gajih lan turahan liyané diobong ing mesbèh miturut dhawuhé Allah marang Musa. Kuwi kurban dhaharan sing diobong, lan gandané gawé renaning penggalihé Allah.

21(8:20)

22Musa banjur njupuk wedhus gèmbèl lanang sing kapindho, kanggo netepaké imam. Harun lan anak-anaké numpangaké tangané ana ing endhasé kéwan mau.

23Musa banjur nyembelèh kéwan kuwi, lan njupuk getihé sethithik, dilèlètaké nganggo drijiné ing kupingé Harun sing tengen, jempolé tangan tengen lan jempolé sikil tengen.

24Anak-anaké Harun banjur dikon maju. Musa banjur nglèlètaké getih ing kupingé tengen anak-anaké Harun mau, ing jempolé tangan tengen, sarta ing jempolé sikil tengen.

25Musa banjur njupuk gajihé kéwan mau, gajih sing ana ing buntut, lan sakèhé gajih sing nèmplèk ing jeroan; banjur péranganing ati sing apik dhéwé, ginjel sagajihé, sarta sampil mburi sing tengen.

26Nuli njupuk roti tanpa ragi saka wakul, disaosaké marang Allah; roti kandel siji sing diolah nganggo lenga, lan roti tipis siji. Roti mau ditumpangaké ing gajih lan sampilé kéwan sing dienggo kurban mau.

27Barang-barang mau kabèh disèlèhaké ing tangané Harun lan anak-anaké, sing banjur padha nyaosaké dadi sesaosan mligi konjuk marang Allah.

28Sawisé mengkono Musa banjur njupuk barang-barang mau saka tangané Harun lan anak-anaké, diobong ing mesbèh, ditumpangaké ing kurban obongan, dadi kurban tetepan. Kuwi kurban dhaharan, sing gandané gawé renaning penggalihé Allah.

29Musa banjur njupuk daging dhadhané kéwan mau lan disaosaké dadi kurban mirunggan konjuk marang Allah. Kuwi dadi bagéané Musa saka wedhus gèmbèl lanang mau, sing dienggo kurban tetepané imam. Musa nindakaké mau kabèh kaya sing didhawuhaké déning Allah.

30Lenga jebad lan getihé salong dijupuk Musa, diciprat-ciprataké marang Harun lan anak-anaké sarta marang penganggoné. Mengkono patrapé Musa enggoné nucèkaké para imam lan penganggoné konjuk marang Allah.

31Musa banjur kandha karo Harun lan anak-anaké, "Dagingé kurban kuwi padha gawanen menyang lawang Kémah Palenggahané Allah, lan olahen ana ing kono. Sawisé kuwi padha panganen karo roti sing ana ing wakul sing dienggo wadhah ing upacara tetepan, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

32Daging lan roti sing turah kudu diobong nganti entèk.

33Pitung dina lawasé kowé kabèh ora kena metu saka lawangé Kémah Palenggahané Allah. Sawisé upacara tetepan iki rampung, kowé lagi kena lunga.

34Allah ndhawuhi kita nindakaké apa sing kudu kita lakoni ing dina iki, kersané supaya dosa-dosamu kabèh diapura.

35Padha tugura ana ing lawangé Kémah iki, rina lan wengi, lawasé pitung dina, karo netepi apa sadhawuhé Allah. Yèn ora mengkono kowé bakal mati. Mengkono dhawuhé Allah marang aku."

36Harun lan anak-anaké padha nglakoni kabèh sing didhawuhaké déning Gusti Allah lantaran Musa mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel