Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 9 >> 

1Gusti Yésus nuli minggah ing prau, banjur nyabrang, kondur menyang kutha sing didalemi, yakuwi Kapèrnaum.

2Ing kono ana wong lumpuh nggluntung ing peturon, digotong menyang ngarsané Gusti Yésus. Bareng pirsa pengandelé wong-wong mau banjur ngandika marang sing lumpuh: "Atimu sing tatag! Dosa-dosamu wis diapura."

3Ing kono ana ahli Torèt sawetara sing padha rerasanan: "Wong iki nyenyamah Gusti Allah!"

4Gusti Yésus pirsa rasanané wong-wong mau, mulané banjur ngandika: "Yagéné kowé padha duwé pikiran sing ala mengkono?

5Gampang endi muni: ‘Dosamu wis diapura’, karo muni: ‘Tangia lan lumakua?’

6Aku arep awèh bukti yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa." Gusti banjur ngandika marang wong sing lumpuh mau: "Tangia, peturonmu angkaten lan muliha!"

7Wong lumpuh mau iya banjur ngadeg lan mulih.

8Wong akèh sing padha ndeleng lelakon mau banjur padha wedi lan memuji marang Gusti Allah, déné Allah kersa maringi pangwasa semono gedhéné marang manungsa.

9Gusti Yésus banjur nglajengaké tindaké. Nuli mirsa pegawé pajeg, jenengé Matius, lagi lungguh ing kantoré. Matius didhawuhi: "Mèlua Aku!" Matius banjur ngadeg lan ndhèrèk Gusti Yésus.

10Nalika Gusti Yésus lagi dhahar ing omahé Matius, ana pegawé pajeg lan wong-wong sing dianggep ala déning masarakat, padha teka lan mangan bebarengan karo Gusti Yésus sarta murid-muridé.

11Ana wong Farisi sawetara sing padha weruh, banjur padha takon marang para muridé Gusti Yésus: "Yagéné Gurumu kokmangan bebarengan karo pegawé pajeg lan wong ala?"

12Gusti Yésus mireng pitakonan mau, nuli ngandika: "Wong sing waras ora butuh dhokter. Sing butuh dhokter kuwi wong sing lara.

13Surasanen, apa tegesé ayat ing Kitab Suci, sing uniné: ‘Kang Dakkersakaké dudu kurban, nanging tumindaké katresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggo wong sing sampurna, nanging kanggo wong sing rumangsa dosa."

14Sawisé kuwi para muridé Nabi Yohanes Pembaptis padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Banjur padha nyuwun pirsa: "Kawula lan para tiyang Farisi sami nglampahi pasa, nanging para murid Panjenengan kokmboten?"

15Pangandikané Gusti Yésus: "Kepriyé penemumu? Endi ana tamu ing pésta pengantèn kokprihatin, yèn pengantèné lanang isih ana ing kono? Mesthi ora! Nanging bakal ana mangsané pengantèn lanang lunga saka ing kono. Ing wektu iku para tamu mau bakal padha pasa."

16"Ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo bakal sing anyar. Awit tambalan kuwi bakal nyuwèkaké sandhangan mau, malah njalari suwèké saya amba.

17Mengkono uga ora ana wong sing nyimpen anggur anyar ana ing impes sing lawas, sing digawé saka lulang, merga yèn mengkono impes mau mesthi bedhah. Angguré bakal wutah lan impesé ora kena dienggo menèh. Anggur sing anyar kudu disimpen ing impes sing anyar uga, supaya loro-loroné tetep apik."

18Sajroné Gusti Yésus isih ngandikan karo para muridé Nabi Yohanes Pembaptis, nuli ana penggedhéné sinagogé sowan lan matur: "Anak kawula èstri nembé kémawon tilar-donya. Éwasemanten kawula nyuwun, Panjenengan kersaa rawuh sarta ndemèk piyambakipun, supados gesang malih."

19Gusti Yésus banjur jumeneng lan tindak mbarengi wong mau. Para muridé iya padha ndhèrèk.

20Nalika semana ana wong wadon sing lara nggrajag getih wis rolas taun lawasé, nyedhaki Gusti saka mburi.

21Wong mau mbatin: "Angger aku bisa ndemèk jubahé waé, aku mesthi mari." Wong kuwi banjur ndemèk jubahé Gusti Yésus.

22Nanging Gusti Yésus banjur minger. Bareng mirsa wong wadon mau Panjenengané banjur ngandika: "Sing tatag atimu, enggèr! Pengandelmu sing marasaké kowé!" Sanalika wong wadon mau dadi waras.

23Tindaké Gusti Yésus wis tekan omahé penggedhéné sinagogé. Ing kono Panjenengané pirsa wong-wong sing arep ngunèkaké suling lagu kepatèn, lan wong akèh liyané sing padha tangisan.

24Gusti Yésus banjur ngandika: "Padha metua; bocah kuwi ora mati, mung lagi turu." Wong-wong mau padha nggeguyu Panjenengané.

25Bareng wong akèh mau wis padha metu, Gusti Yésus nuli mlebu ing kamaré bocah wadon mau, sarta ngasta tangané. Bocahé banjur gumrégah ngadeg.

26Kabar bab lelakon kuwi banjur sumebar ing setanah kono kabèh.

27Nalika Gusti Yésus tindak saka ing kono, ana wong wuta loro sing padha nututi Panjenengané. Wong-wong mau padha bengok-bengok, aturé: "Tedhakipun Dawud, nyuwun tulung!"

28Bareng Gusti Yésus wis mlebet ing dalem, wong wuta mau padha sowan ing ngarsané. Banjur didangu: "Apa kowé precaya, yèn Aku bisa marasaké kowé?" Atur wangsulané wong loro mau: "Inggih, kawula sami pitados."

29Gusti Yésus nuli ndemèk mripaté wong wuta loro mau karo ngandika: "Padha kelakona kaya sing dadi pengandelmu."

30Mripaté banjur padha bisa ndeleng. Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur manti-manti wong-wong mau, supaya aja padha kandha karo sapa waé bab prekara mau.

31Éwasemono wong loro mau salungané saka kono nuli padha nyritakaké marang saben wong ing wilayah kono bab Gusti Yésus.

32Bareng wong wuta loro sing diwarasaké mau wis lunga, ana wong bisu kepanjingan dhemit disowanaké ing ngarsané Gusti Yésus.

33Sawisé dhemité ditundhung déning Gusti Yésus, wong mau bisa caturan menèh. Wong-wong sing padha ndeleng padha gumun kabèh, ujaré: "Durung tau ana lelakon sing mengkéné iki ing tanah Israèl!"

34Nanging wong-wong Farisi padha muni: "Enggoné nundhung dhemit kuwi rak merga olèh pangwasa saka ratuné para dhemit."

35Gusti Yésus tumuli tindak ndlajahi kutha-kutha lan désa-désa. Panjenengané memulang ing sinagogé-sinagogé, sarta ngumumaké bab Dalaning Keslametan tumrap wong dosa, supaya bisa dadi umat ing Kratoné Allah. Panjenengané iya marasaké wong-wong sing padha nandhang lara rupa-rupa lan sing awaké padha cacad.

36Mirsa wong akèh mau Gusti Yésus trenyuh banget penggalihé merga saka welas. Wong-wong mau katon yèn kesel lan ora kopèn; kaya wedhus sing ora ana pangoné.

37Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Sing kudu dienèni akèh, nanging wong sing derep mung sethithik.

38Mulané padha nyuwuna marang sing kagungan panèn, supaya kersa nambahi cacahé wong sing derep."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel