Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 34 >> 

1(34-1) Anggitané Dawud sawisé éthok-éthok dadi wong édan ana ing ngarsané Abimèlèh, mula ditundhung, banjur lunga. (34-2) Aku arep saos sokur marang Allah ing selawasé, cangkemku tansah bakal ngucapaké pujiné.

2(34-3) Aku arep ngluhuraké apa sing wis katindakaké déning Allah, supaya wong kesrakat padha krungu lan bungah!

3(34-4) Ayo bebarengan karo aku ngluhuraké Allah, ayo kita bebarengan padha ngluhuraké asmané.

4(34-5) Nalika aku nyenyuwun marang Allah, banjur diparingi wangsulan, lan kauwalaké saka sebarang sing gawé wediku.

5(34-6) Panjenengané delengen, supaya ulatmu dadi bingar, lan kowé bakal ora kwirangan.

6(34-7) Allah miyarsakaké pesambaté wong sing dianiaya, wong mau diuwalaké saka sakèhé karubedané.

7(34-8) Malaékaté Allah ngreksa wong kang ngabekti marang Allah, sarta padha dipitulungi.

8(34-9) Nyatakna dhéwé sepira kabecikané Allah mau! Begja wong kang ngungsi marang Panjenengané!

9(34-10) Hé para wong sing dipilih déning Allah, padha mbangun-turuta marang Panjenengané, sebab wong kuwi uripé bakal ora ngalami kekurangan.

10(34-11) Singa enom bisa kaliren, nanging wong kang ngabekti marang Allah bakal kecukupan samubarang becik sing dibutuhaké.

11(34-12) Hé bocah-bocah, padha ngrungokna, kowé arep dakwulang bab pangabekti marang Allah!

12(34-13) Apa kowé kepéngin ngrasakaké urip kepénak, lan ngalami umur dawa kebak kabegjan?

13(34-14) Ilatmu candheten, aja kewetu sing ala, lan lambému aja ngucapaké goroh.

14(34-15) Ngedohana piala, nglakonana kabecikan, ngangkaha rerukunan, persudinen supaya olèh.

15(34-16) Tingalé Allah katujokaké marang wong mursid, sarta talingané nilingaké pesambaté.

16(34-17) Panjenengané nglawan wong sing penggawéné ala, sarta wong mau disingkiraké saka bumi.

17(34-18) Samasa wong mursid padha sesambat, Allah nuli miyarsakaké, sarta padha diuwalaké saka sakèhé karubedané.

18(34-19) Allah cedhak karo wong sing atiné semplah, sarta mitulungi wong sing entèk pengarep-arepé.

19(34-20) Wong mursid akèh karibedané, nanging Allah ngluwari saka sekabèhé.

20(34-21) Allah ngreksa wong mau kanthi sampurna, nganti balungé ora ana sing putung siji-sijia.

21(34-22) Wong jahat mesthi dipatèni déning pialané dhéwé, sarta sing sapa sengit marang wong mursid mesthi nampa paukuman.

22(34-23) Allah mitulungi marang umat kagungané, sapa sing ngupaya pangayomané bakal direksa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel