Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 49 >> 

1Hé sakèhé bangsa-bangsa sing adoh! Padha rungokna dhawuh-Ku. Allah nimbali aku dadi abdiné wiwit aku isih ana ing guwa-garbané ibuku.

2Tembungku didamel landhep kaya pedhang, astané Allah piyambak ngayomi aku. Aku didamel kaya panah sing ampuh lan tansah cemawis.

3Pangandikané marang aku, "Israèl, kowé kuwi abdi-Ku; merga saka kowé asma-Ku bakal kaluhuraké déning wong akèh."

4Aku munjuk mengkéné, "Kawula nyambut-damel, nanging mboten wonten asilipun; kawula ngetog karosan, nanging tanpa damel." Éwasemono aku njagakaké Pangéran sing bakal mbélani prekaraku; Panjenengané bakal paring asiling kangèlanku.

5Aku ditimbali déning Pangéran dadi abdiné, sadurungé aku lair, didhawuhi ngulihaké lan nglumpukaké Israèl, umaté sing sumebar. Aku kajèn ana ing ngarsané Allah, lan Panjenengané dadi etuking karosanku.

6Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Kowé bakal Dakparingi kuwajiban sing luwih luhur. Ora mung mbangun bangsa Israèl sing isih urip waé, nanging kowé iya bakal Dakdadèkaké oboré bangsa-bangsa, supaya salumahé bumi bakal nampa karahayon."

7Panebusé Israèl, Allah Kang Mahasuci ngandika marang abdiné sing disepèlèkaké banget lan digethingi déning para bangsa, dianggep wong pidak-pedarakan. "Raja-raja sing nyawang penggawému, banjur bakal padha ngadeg ngurmati; para penggedhé bakal padha sujud ngurmati kowé." Kelakoné kuwi kabèh ora liya merga Allah piyambak sing milih abdiné; Allahé Israèl Kang Mahasuci netepi prasetyané.

8Pangandikané Allah marang umaté mengkéné, "Yèn wis tekan dinané enggon-Ku ngluwari kowé, Aku bakal ngetingalaké sih-kadarman-Ku marang kowé lan njurungi pesambatmu. Kowé bakal Dakreksa lan Dakayomi, lan lantaran kowé Aku bakal gawé prejanjian karo umat kabèh. Aku bakal ngulihaké kowé menyang tanahmu, sing saiki bera ora digarap."

9Para wong tawanan bakal Dakngandikani, "Padha metua!" Lan wong-wong sing ana ing petengan, "Padha metua menyang padhangan!" Senajan ing gunung sing gundhul, padha ora kekurangan, merga ing salakuné tansah disedhiyani pangan.

10Bakal padha ora keluwèn lan kasatan ing selawasé. Panasing srengéngé lan segara wedhi bakal ora gawé cilakané. Merga bakal padha direksa déning Panjenengané sing welas asih, sing bakal nuntun marani etuké banyu.

11"Aku bakal yasa dalan gedhé nrabas gunung-gunung lan ngrata dalan-dalan sing bakal diambah déning umat-Ku.

12Umat-Ku bakal teka saka panggonan sing adoh-adoh, saka Lor lan saka Kulon, sarta saka Aswan ing Kidul."

13Hé langit lan bumi, padha surak-suraka! Gunung-gunung padha bungah-bungah lan memujia! Pangéran bakal nglipur umaté, Panjenengané bakal maringi piwelas marang umaté sing nandhang kasangsaran.

14Nanging umat sing manggon ing Yérusalèm padha kandha mengkéné, "Aku wis padha ditilar déning Allah! Allah wis kesupèn karo kita."

15Mulané Pangéran nuli paring wangsulan, "Apa ibu bisa lali karo bayiné lan ora nresnani anak sing dilairaké? Senajan ibu téga karo anaké, nanging Aku ora bakal téga karo kowé.

16Yérusalèm, Aku bakal ora lali karo kowé! Jenengmu Daktulis ana ing èpèk-èpèking tangan-Ku.

17Wong sing arep mbangun kowé bakal énggal padha teka, lan sing arep ngrusak kowé, bakal padha lunga.

18Delengen kedadéan-kedadéan sing ana ing kiwa-tengenmu! Wong-wongmu wis padha nglumpuk, arep padha mulih! Demi Aku, Allah kang gesang, temenan atimu bakal mongkog nyawang wong-wongmu. Kaya pengantèn wadon sing mongkog atiné nyawang rerenggané emas lan inten.

19Tanahmu sing biyèn rupa gempuran lan sepi nyenyet, saiki bakal ora nyukupi kanggo manggon wong-wong sing padha teka ing kono. Wong-wong sing biyèn ngrusak tanahmu bakal kabuwang saka kono.

20Wong-wong sing lair ing pambuwangan bakal padha kandha karo kowé mengkéné, ‘Panggonan iki sesak temen, kita butuh panggonan sing luwih ombèr!’

21Kowé mbatin mengkéné, ‘Sapa sing anaké semono akèhé kanggo aku? Mangka anakku wis padha mati, lan aku wis ora bisa duwé anak menèh. Aku dadi wong bandhangan lan nglambrang mrana-mréné, sapa ta sing nggedhèkaké bocah-bocah kuwi? Aku rak wis ijèn, saka endi tekané bocah-bocah mau?’"

22Pangandikané Allah Kang Mahakwasa mengkéné, "Aku bakal paring pretandha marang para bangsa, lan bakal padha ngeteraké mulih anakmu. Anak-anakmu lanang bakal digéndhong, lan anak-anakmu wadon padha dipanggul.

23Para raja bakal ngrengkuh kowé kaya putrané, para pramèswari bakal padha nggéndhong anakmu, bakal padha sujud sungkem ing ngarepmu, lan kanthi andhap-asor padha ngurmati kowé. Mula kowé bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran; semono uga sakèhé wong sing njagakaké pitulungan-Ku bakal ora kwirangan."

24Wong apa bisa ngrebut barang sing dirayah tentara? Sapa sing bisa ngluwari tawanané wong sing kwasa?

25Éwasemono Pangéran ngandika, "Mangka iya kaya mengkono kang bakal kelakon. Rayahané mungsuh bakal karebut menèh lan tawanané wong kwasa bakal diluwari. Aku bakal nglawan wong sing nglawan kowé, lan bakal ngluwari anak-anakmu.

26Wong-wong sing nganiaya kowé bakal patèn-patènan dhéwé, lan saka nepsuné bakal padha ngamuk gawé pepati. Saben bangsa banjur bakal weruh yèn Aku iki Allah, sing mitulungi lan sing ngluwari kowé. Bakal padha ngerti yèn Aku iki Allahé Israèl Kang Mahakwasa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 49 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran