22:37Gusti Yésus ngandika: "Kowé tresnaa marang Allahmu klawan gumolonging atimu, gumolonging nyawamu lan gumolonging budimu.
22:38Ya kuwi angger-angger sing gedhé lan sing luhur dhéwé!
22:39Déné angger-angger sing kaping pindho, sing padha wigatiné karo sing dhisik mau, yakuwi: Kowé tresnaa marang sapepadhamu, kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé.
22:40Kabèh angger-angger sing kasebut ana ing Kitab Torèt lan ing kitabé para nabi, kuwi dhasaré ana ing angger-angger loro mau."