Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 1 >> 

1Iki wiwitaning Injilé Yésus Kristus, Putrané Allah.

2Kaya kang wis katulis ana ing kitabé Nabi Yésaya, "Lah, Ingsun ngutus utusaningsun ana ing ngarsanira, kang bakal nyawisaké marginira;

3ana swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nyawisna margining Pangéran, lencengna lurung-lurungé."

4Mangkono Yohanes Pambaptis rawuhé ana ing pasamunan sarta ngundhangaké baptising pitobat murih apuraning dosa.

5Wong saisiné wilayah Yudéa kabèh lan sakèhé wong kang manggon ing Yérusalèm, padha sowan panjenengané sarta padha dibaptisi ana ing Kali Yordan kalawan padha ngakoni dosané.

6Yohanes ngagem ageman wulu unta lan ing lambungé ngagem sabuk lulang, apadéné dhaharané walang lan madu alas.

7Déné panjenengané iku ngundhangaké pawarta klawan ngandika, "Ing sapungkurku, Panjenengané kang luwih kwasa tinimbang aku rawuh; tumungkul nguculi talining trumpahé baé aku ora pantes.

8Aku mbaptis kowé sarana banyu, nanging Panjenengané iku bakal mbaptis kowé sarana Roh Suci."

9Nalika samana Yésus rawuh saka Nasarèt ing wilayah Galiléa, lan Panjenengané banjur dibaptis déning Yohanes ana ing Kali Yordan.

10Bareng Panjenengané mentas saka ing banyu, sanalika pirsa langit piyak, sarta Roh kang pindha manuk dara nedhaki Panjenengané.

11Nuli ana swara saka swarga, "Sira iku Putraningsun kang kinasih, kang ndadèkaké renaning galihingsun."

12Sawisé iku, Roh tumuli nuntun Panjenengané menyang pasamunan.

13Sajroné patang puluh dina, Panjenengané ana ing kono kagodha déning Iblis. Pamanggèné sesarengan karo kéwan alas, déné malaékat-malaékat padha ngladosi.

14Sawisé Yohanes katangkep, Yésus rawuh ing Galiléa, nggelaraké Injilé Allah,

15lan ngandika, "Wis tekan waktuné, Kratoné Allah wis cedhak, padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!"

16Nalika pinuju tindak urut pinggiré Tlaga Galiléa, Yésus pirsa Simon karo Andréas saduluré Simon, lagi padha nibakaké jala ing tlaga, amarga wong iku padha tukang golèk iwak.

17Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Ayo, padha mèlua Aku. Aku bakal ndadèkaké kowé tukang golèk wong."

18Sanalika banjur padha ninggal jalané, ndhèrèkaké Panjenengané.

19Bareng nglajengaké tindak sawatara, Panjenengané pirsa Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes saduluré, lagi padha ana ing prau ndandani jalané.

20Panjenengané banjur nimbali wong-wong iku, lan tumuli padha ninggal Zébédéus, bapakné, ana ing prau karo para buruhé, lan padha ngetut-buri Panjenengané.

21Yésus lan para sakabaté banjur padha tekan ing Kapèrnaum. Bareng dina Sabat, Panjenengané énggal-énggal mlebet ing papan pangibadah sarta memulang.

22Wong-wong padha gumun banget marang piwulangé, awit Panjenengané iku maringaké piwulang kayadéné kang kagungan pangwasa, lan ora kaya para ahli Torèt.

23Ing papan pangibadah kono, dumadakan ana wong kang kepanjingan roh jahat, lan bengok-bengok,

24"Punapa prekawis kawula sadaya kaliyan Panjenengan, dhuh Yésus saking Nasarèt! Panjenengan rawuh punika punapa badhé numpes kawula? Kawula ngertos Panjenengan punika sinten: Inggih Panjenenganipun ingkang suci, pinangkanipun saking Allah."

25Nanging Yésus tumuli ndukani roh jahat iku klawan ngandika, "Menenga, metua saka wong iku!"

26Roh jahat iku ngontang-antingaké wong mau sarta njerit kanthi swara sora banjur metu saka wong mau.

27Wong kabèh padha gumun, temah padha takon-tinakon, kalawan ngucap, "Apa ta iki? Piwulang anyar mawa pangwasa. Apadéné paring dhawuh marang roh-roh jahat lan iku iya padha manut marang Panjenengané."

28Pawarta bab Panjenengané banjur sumebar ing endi-endi nyrambahi wilayah Galiléa kabèh.

29Lan sawisé medal saka ing papan pangibadah, Yésus karo Yakobus lan Yohanes banjur énggal-énggal tindak menyang omahé Simon lan Andréas.

30Ibuné maratuwa Simon nggléthak nandhang lara panas. Para sakabat mau tumuli padha matur marang Panjenengané bab kang lara iku.

31Panjenengané nuli nyelaki ibu mau, sarta nangèkaké klawan narik tangané; lan panasé tumuli ilang, banjur ngladèni tamu-tamuné.

32Bareng soré, nalika srengéngé wus surup, wong-wong padha nggawa sakèhé wong kang padha nandhang lara lan kesurupan sétan kaaturaké marang Panjenengané.

33Wong sakutha kabèh padha uyel-uyelan ngumpul ana ing ngarep lawang.

34Panjenengané banjur nyarasaké wong akèh kang padha nandhang lara warna-warna sarta nundhungi sétan akèh; lan Panjenengané ora marengaké sétan-sétané padha kandha-kandha, awit wis padha wanuh marang Panjenengané.

35Ésuk umun-umun, nalika isih peteng, Panjenengané wungu banjur miyos, tumuli tindak menyang papan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.

36Simon lan sakancané padha nusul nggolèki Panjenengané.

37Bareng wis ketemu Panjenengané, banjur padha matur, "Tiyang sadaya sami madosi Panjenengan."

38Panjenengané paring wangsulan marang Simon sakancané, "Ayo padha menyang panggonan-panggonan liyané, menyang kutha-kutha sakiwa-tengené kéné supaya Aku iya nggelaraké piwulang ana ing kono, awit iya iku preluné anggonku rawuh ing donya."

39Panjenengané banjur nggelaraké piwulang ing sawilayah Galiléa kabèh, ana ing papan-papan pangibadahé wong-wong ing kono sarta nundhungi sétan-sétan.

40Ana wong kang nandhang lara kusta sowan ing ngarsané Yésus nyuwun pitulungan marang Panjenengané kalawan jèngkèng, matur, "Manawi Panjenengan karsa, Panjenengan saged mbirat najis kawula."

41Karana trenyuh déning welasé, Panjenengané mulung astané lan ndemèk wong mau sarta ngandika, "Aku karsa, birata najismu!"

42Sanalika kustané ilang, temahan wong iku birat najisé.

43Panjenengané banjur énggal ndhawuhi wong iku sumingkir lan diwanti-wanti kanthi pangandika,

44"Kowé aja nganti kandha-kandha apa baé marang sapa baé, nanging lungaa, tuduhna awakmu dhéwé marang imam, sarta nyaosna kurban, kaya kang wis kadhawuhaké déning Musa kanggo pasucèné awakmu, minangka paseksi marang wong-wong."

45Éwadéné sapungkuré saka kono, wong mau wiwit martak-martakaké lan nyebar-nyebaraké lelakon mau menyang ngendi-endi, satemah Panjenengané ora bisa lumebet ing kutha kanthi terang-terangan, nanging lereb ana ing njaba, ing panggonan-panggonan kang sepi, lan wong saka ing endi-endi padha terus marani marek ing ngarsané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel