Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 34 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa

2supaya ngandhani bangsa Israèl mengkéné, "Ora suwé menèh kowé bakal padha mlebu ing tanah Kenaan, sing Dakparingaké marang kowé dadi tanah pusaka. Tapel watesé tanah Kenaan kuwi mengkéné:

3Sisih Kidul, wiwit saka segara wedhi Zin, urut tapel watesé tanah Édom. Sing sisih Wétan wiwit saka pungkasané Segara Mati, sing sisih Kidul,

4ménggok mengidul ngener ing Dalan Akrabim bablas tekan Zin nganti tekan Kadès Barnéa ing sisih Kidul. Saka ing kana ménggok ngalor ngulon tekan Hazar-Adar, bablas tekan Azmon.

5Saka taperl wates kono mau ménggok menyang lebak, tapel watesé tanah Mesir, banjur tekan Segara Tengah.

6Segara Tengah kuwi tapel watesé tanahmu ing sisih Kulon.

7Sing sisih Lor, wiwit saka Segara Tengah ngener ing Gunung Hor

8lan saka ing kana ngener ing Dalan Hamat, banjur bablas tekan Zedad,

9lan menyang Zifron, nganti tekan Hazar-Énan.

10Tapel wates sisih Wétan, wiwit saka Hazar-Énan menyang Séfan.

11Saka kana meddhun menyang Riblah, sawétané Ain, banjur bablas tekan gunung-gunung ing pesisiré Tlaga Galiléa sing sisih Wétan,

12banjur mengidul sauruté Kali Yardèn tekan Segara Mati. Kaya mengkono tapel watesé tanahmu."

13Musa banjur kandha karo bangsa Isaraèl mengkéné, "Iki tanah sing arep padha koktampa nganggo undhi, tanah sing miturut dhawuhé Allah kudu diedum-edum ing antarané taler-taler sanga setengah ing Israèl.

14Taler Rubèn lan taler Gad lan sapérangané taler Manasyè wis padha tampa pandumané, lan tanah mau wis padha diedum-edum ing antarané para brayaté,

15dunungé ing sawétané Kali Yardèn, sangarapé kutha Yérikho."

16Gusti Allah ngandika marang Musa,

17"Sing kudu ngedum tanah ing antaramu kuwi Imam Èléazar, lan Yosua anaké Nun.

18Saben taler kudu ngangkat penggedhé sing mbiyantu Èléazar lan Yosua ngedum tanah mau."

19(34:19-28) Wong-wong sing dipilih Allah yakuwi. Taler-Penggedhé; Yéhuda-Kalèb bin Yéfuné; Siméon-Samuèl bin Amihud; Bènyamin-Èlidad bin Kislon; Dhan-Buki bin Yogli; Manasyè-Hanièl bin Éfod; Éfrayim-Kemuèl bin Siftan; Zébulon-Alisafan bin Parnak; Isakar-Paltièl bin Azan; Asyèr-Ahihud bin Sélomi; Naftali-Pédaèl bin Amihud;

20(34:19)

21(34:19)

22(34:19)

23(34:19)

24(34:19)

25(34:19)

26(34:19)

27(34:19)

28(34:19)

29Kuwi wong-wong sing dadhawuhi déning Allah ngedum tanah pusaka Kenaan ing antarané bangsa Israèl.



 <<  Bilangan 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel