Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 8 >> 

Daftar tedhake Rama Benyamin

1Rama Benyamin peputra Bela, iku pambajenge, Asybel kang angka loro, Ahrah kang angka telu,

2Noha kang angka papat, lan Rafa kang angka lima.

3Rama Bela peputra Adar, Gera, Abihud,

4Abisua, Naaman, Ahoah,

5Gera, Sefufan lan Huram.

6Iki para turune Rama Ehud -- iku padha dadi kepala-kepalaning kulawangsa pendhudhuk Geba kang diboyong marang ing pambuwangan, menyang ing Manahat --:

7Naaman, Ahia lan Gera padha ngangkatake wong-wong mau marang ing pambuwangan; iku nurunake Uza lan Akhihud.

8Ana ing dhaerah Moab, Rama Saharaim sawuse nundhung Ibu Husim lan Ibu Baara, para garwane, banjur peputra.

9Anggone peputra karo garwane, kang asma Hodesy, dene putra-putrane mau yaiku Yobab, Zibya, Mesa, Malkam,

10Yeus, Sokhya lan Mirma, iku para putrane, padha dadi kepala kulawangsa;

11sadurunge iku karo Ibu Husim wus peputra, yaiku Ahitub lan Elpaal.

12Para putrane Rama Elpaal yaiku Eber, Misam lan Semed; iki kang ngedegake kutha Ono lan kutha Lod dalah sawewengkone.

13Rama Beria lan Rama Sema iku padha dadi kepalaning kulawangsa pendhudhuk Ayalon; pendhudhuk ing Gat wus padha dilungakake.

14Rama Ahyo, Sasak, Yeremot,

15Zebaja, Arad, Eder,

16Mikhael, Yispa lan Rama Yoha iku para putrane Rama Beria.

17Rama Zebaja, Mesulam, Hizki, Heber,

18Yismerai, Yislim lan Yobab iku para putrane Rama Elpaal.

19Rama Yakim, Zikhri, Zabdi,

20Elyoenai, Ziletai, Eliel,

21Adaya, Beraya lan Rama Simrat iku para putrane Rama Simei.

22Rama Yispan, Eber, Eliel,

23Abdon, Zikhri, Hanan,

24Hananya, Elam, Antotia,

25Yifdeya lan Pnuel iku para putrane Rama Sasak.

26Rama Samserai, Seharya, Atalya,

27Yaaresya, Elia lan Rama Zikhri iku para putrane Rama Yeroham.

28Iku padha dadi kepalaning kulawangsa, para kepala manut turune; iku padha manggon ana ing Yerusalem.

Daftar tedhake Rama Saul

29Nanging kang manggon ing Gibeon ramane Rama Gibeon, yaiku Rama Yeiel, lan garwane asma Ibu Maakha.

30Putrane pambajeng Rama Abdon, banjur Zur, Kisy, Baal, Nadab,

31Gedor, Ahyo, Zekher

32lan Miklot kang nurunake Simea. Iku iya padha tindak lan manggon cedhak karo para sadhereke ana ing Yerusalem nunggil karo para sadhereke liyane.

33Rama Ner nurunake Kisy; Rama Kisy nurunake Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul peputra Pangeran Yonatan, Malkisua, Abinadab lan Pangeran Esybaal.

34Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.

35Sang Mikha nurunake Piton, Melekh, Tarea lan Akhas.

36Sang Akhas nurunake Yehoada; Yehoada nurunake Alemet, Azmawet lan Zimri; Sang Zimri nurunake Moza;

37Sang Moza nurunake Bina; iki nurunake Rafa; iki nurunake Elasa lan iki nurunake Azel.

38Sang Azel peputra nenem, iki asma-asmane: Azrikam, Bokhru, Ismael, Searya, Obaja lan Hanan. Iku kabeh putrane Rama Azel.

39Para putrane Sang Esek, sadhereke, yaiku Ulam, iku pambajenge, banjur Yeusy, iku kang angka loro, lan Elifelet, kang angka telu.

40Para putrane Sang Ulam iku wong kang kendel-kendel, wong prawira kang gagah prakosa, juru manah; putra wayahe akeh: satus seket. Iku kabeh klebu tedhake Rama Benyamin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel