Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 1 >> 

Salam

1Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yesus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh.

Wohing pakaryane Rasul Paulus

2Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh kalawan ngelingi kowe ana ing sajroning pandongaku.

3Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.

4Sarta aku padha sumurup, he para sadulur kang kinasihan ing Allah, yen Panjenengane wus milih marang kowe kabeh.

5Awit Injil kang kita wartakake iku, ora mung kalantarake marang kowe kabeh kalawan temung thok, nanging uga kalawan daya kakuwatan lan ana ing Sang Roh Suci sarta kalawan katamtuan sakatoge, kaya kang wus padha koksumurupi, kapriye anggonku padha tumindak ing gawe ana ing antaramu marga saka kowe.

6Lan kowe wis padha dadi panganutku kabeh sarta panganute Gusti; sajrone nandhang sangsara kang abot anggonmu padha nampani pangandika kalawan kabungahan kang saka ing Sang Roh Suci,

7satemah kowe padha dadi tetuladhan tumrap kabeh wong pracaya ing tanah Makedhonia lan ing tanah Akhaya

8Amarga ngumandhanging pangandikane Gusti saka ing antaramu ora mung ana ing tanah Makedhonia lan Akhaya bae, nanging ana ing ngendi-endi wus misuwur pracayamu marang Gusti Allah, mulane aku kabeh wis ora usah ngandhakake bab iku.

9Sabab wong-wong wis padha nyritakake dhewe mungguh ing ngatase aku sakanca kapriye anggonmu padha nampani aku kabeh sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati,

10apadene nganti-anti rawuhe Kang Putra saka ing swarga, kang wus diwungokake saka ing antarane wong mati, yaiku Gusti Yesus, kan ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal teka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Tesalonika 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Tesalonika 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel