Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 16 >> 

Prabu Dawud kepanggih karo Ziba

1Nalika tindake Sang Prabu lagi bae ngliwati pucak, Ziba, abdine Sang Mefiboset methukake Sang Prabu nggawa kuldi sarakit, kang dilapaki, dimoti roti rong atus iji, kuwih kismis satus emplek, woh-wohan ing mangsa panas satus lan anggur saimpes.

2Sang Prabu banjur ndangu marang Ziba: “Kepriye karepira iki?” Ature Ziba: “Kuldi-kuldi punika kangge titihanipun para garwa putra dalem; roti lan woh-wohan punika kangge tedhanipun para abdi lan anggur punika kangge omben-ombenipun tiyang-tiyang ingkang kasayahen wonten ing pasamunan.”

3Sang Prabu banjur ndangu: “Putrane gustimu ana ing ngendi?” Atur wangsulane Ziba: “Panjenenganipun wonten ing Yerusalem, amargi pangandikanipun: Ing dina iki turune Israel bakal mbalekake kratone kanjeng rama marang aku.”

4Sang Prabu banjur dhawuh marang Ziba: “Yen mengkono saduweke Mifiboset dadia duwekira.” Unjuke Ziba: “Dhawuh dalem kawula pundhi. Mugi kawula lestantun manggih sih wonten ing ngarsa dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu.”

Simei ngipat-ipati Prabu Dawud

5Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Bahurim, ana wong jumedhul saka ing kono, kalebu saka santanane Prabu Saul, jenenge Simei bin Gera. Wong iku tanpa kendhat anggone ngipat-ipati karo nyedhaki Prabu Dawud.

6Sang Prabu Dawud lan para abdine Sang Prabu padha disawati watu, sanadyan sakehe wadyabala lan para prawira padha ngurung-urung ing sakiwa tengene.

7Mangkene pangucape Simei, nalika ngipat-ipati: “Lungaa, lungaa he wong kang ngwutahake getih, wong dursila!

8Sang Yehuwah wus nempuhake getihe para kulawargane Sang Prabu Saul marang kowe, kang kokgenteni kaprabone. Sang Yehuwah wis masrahake kalungguhanmu marang anakmu Absalom. Lan saiki kowe nandhang sangsara, amarga kowe wong kang ngwutahake getih.”

9Sang Abisai bin Zeruya nuli munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa segawon pejah punika ngipat-ipati panjenengan dalem, gusti kawula Sang Prabu? Kalilana kawula nyabrang lan nigas gulunipun.”

10Nanging Sang Prabu ngandika: “He, anak-anake Zeruya, ingsun melu-melu apa marang sira? Kareben ta ngipat-ipati ingsun. Amarga saupama Sang Yehuwah ngandika marang wong iku: Dawud ipat-ipatana, sapa kang bakal wani takon: Yagene kowe kok tumindak mangkono?”

11Sang Prabu ngandika maneh marang Sang Abisai lan marang sakehe para abdine: “Dene putraningsun piyambak bae ngarah nyawaningsun, mendahane maneh turune Benyamin iki saiki. Wis togna bae, kareben ngipat-ipati amarga Sang Yehuwah kang ndhawuhi marang wong iku mangkono.

12Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”

13Sang Prabu Dawud banjur nglajengake tindake kadherekake para abdi, dene Simei mlaku terus nurut perenging gunung adu arep karo panjenengane lan karo mlaku tansah ngipat-ipati, nyawati watu lan ngabul-abul lebu.

14Sang Prabu sayah banget nalika rawuh ing pinggire bengawan Yarden dalah wong kang padha ndherekake, sarta banjur padha ngaso ana ing kono.

Husai lan Akhitofel seba marang ngarsane Pangeran Absalom

15Pangeran Absalom lan sakehe wong Israel padha mlebu ing kutha Yerusalem, lan Akhitofel iya ndherek.

16Bareng Husai, wong Arki, mitrane Sang Prabu Dawud, sowan ing ngarsane Pangeran Absalom, banjur munjuk: “Sugenga Sang Prabu, sugenga Sang Prabu!”

17Pangeran Absalom ngandika marang Husai: “Apa kaya mangkene iki kasetyanmu marang mitramu? Geneya kowe ora melu marang mitramu?”

18Husai banjur matur marang Pangeran Absalom: “Boten, nanging panjenenganipun ingkang piniji dening Sang Yehuwah tuwin dening rakyat punika saha dening saben tiyang Israel, inggih panjenenganipun punika ingkang mengku kawula, saha ingkang kawula suwitani.

19Punapa malih sinten ingkang badhe kawula suwitani? Punapa sanes putranipun? Kados dene anggen kawula ngabdi dhateng rama dalem, makaten ugi kawula badhe ngabdi dhateng panjenengan dalem.”

20Pangeran Absalom banjur ngandika marang Akhitofel: “Mara aku aturana rembug, apa kang kudu daklakoni?”

21Akhitofel banjur ngaturi wangsulan: “Panjenengan dalem kawula aturi mrepeki para garwanipun ampeyan ingkang rama, ingkang katilar nengga kraton. Manawi kapireng dening sakathahipun tiyang Israel, bilih panjenengan dalem sampun damel sarira dalem sinengitan dening rama dalem, temah sadaya tiyang ingkang ndherek panjenengan dalem, badhe sami kasantosakaken manahipun.”

22Pangeran Absalom banjur diyasakake kemah ana ing payon, lan Absalom banjur mrepeki para garwane ampeyan kang rama kanthi kasumurupan ing wong Israel kabeh.

23Ing nalika samana pituduh kang diaturake dening Akhitofel iku padha karo pitedah kang saka Gusti Allah; kaya mangkono kanggepe sakehing pirembuge Akhitofel, iya dening Prabu Dawud iya dening Absalom.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel