Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 9 >> 

Sang Raja Putri ing nagara Syeba maratamu

1Kacarita bareng Sang Raja Putri Syeba midhanget kabar bab Sang Prabu Suleman, panjenengane banjur tedhak menyang Yerusalem, kadherekake ing abdi akeh banget kanthi mbekta unta kang momot anggi-anggi, emas akeh lan sesotya kang larang-larang, karsane arep nguji Sang Prabu Suleman sarana cangkriman. Bareng wus rawuh ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman, tumuli nglairake apa saisining panggalihe marang panjenengane.

2Dene Sang Prabu Suleman iya banjur paring wangsulan tumrap sakehe pandangone Sang Raja Putri mau, tumrap Sang Prabu Suleman ora ana barang kang winadi, ora ana kang ora kena ingudharan ana ing ngarsane Sang Raja Putri mau.

3Bareng Raja Putri ing nagara Syeba nguningani kawicaksanane Sang Prabu Suleman lan dalem yeyasane,

4dhedhaharan kang lumadi ing mejane, patrape linggih para punggawane, patrape para paladene anggone padha ngladeni sarta anggone nyandhang-manganggo, para juru pangunjukan lan sandhangane, apadene kurban obaran kang saben-saben kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah, Sang Raja Putri banget anggone kagawokan.

5Panjenengane nuli ngandika marang Sang Prabu: “Pancen leres pawartos ingkang kula pireng wonten ing nagari kula bab panjenengan saha bab kawicaksanan panjenengan,

6ewasamanten kula boten pitados dhateng tembungipun tiyang-tiyang, ngantos kula ndhatengi lan nyumerepi piyambak; lah kawicaksanan panjenengan ingkang ageng punika ingkang dipun cariyosaken dhateng kula sapalihipun kemawon dereng wonten; kawontenan panjenengan nglangkungi pawartos ingkang kula pireng.

7Rahayu para tiyang panjenengan, tuwin rahayu para punggawa panjenengan ingkang tansah ngladosi panjenengan saha nyumerepi kawicaksanan panjenengan!

8Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang karenan dhateng panjenengan, ngantos panjenengan lajeng kalenggahaken ing dhamparipun, kadadosaken ratu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan! Ing sarehne Gusti Allah penjenengan asih dhateng tiyang Israel, mila kalestantunaken ing salami-laminipun, dene panjenengan kadadosaken ratunipun supados nindakaken kaadilan lan kaleresan.”

9Sang Prabu banjur dicaosi emas satus rong puluh talenta lan anggi-anggi akeh banget tuwin sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi kang akehe kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.

10Sarta maneh para abdine Sang Prabu Huram lan para abdine Sang Prabu Suleman, kang nggawa emas saka ing Ofir, iku padha nggawa kayu cendhana lan sesotya kang larang-larang.

11Sang Prabu ngagem kayu cendhana iku kagem yasa undhak-undhakan ing padalemaning Yehuwah lan kedhatone Sang Prabu, sarta uga kagem yasa clempung lan slukat kanggo para juru ngidung, kang kaya mangkono iku ing maune durung tau ana ing tanah Yehuda.

12Sang Raja Putri ing nagara Syeba banjur dicaosi kabeh apa kang dikarsakake lan kang dipundhut, ngluwihi kang dicaosake marang Sang Prabu. Sang Raja Putri nuli kondur menyang ing nagarane kadherekake dening para punggawane.

Pamedale lan kasugihane Sang Prabu Suleman

13Anadene bobote emas kang konjuk marang Sang Prabu Suleman ing sajrone setaun iku nem atus sewidak enem talenta

14iku durung kapetung kang diladekake dening para sudagar lan para wong dagang; uga sakehe ratu Arab lan para bupatine padha ngunjukake emas lan selaka marang Sang Prabu Suleman.

15Sang Prabu Suleman yasa tameng emas gemblengan gedhe rong atus, saben tameng gedhe siji kang digawe emas gemblengan nem atus sekel;

16uga yasa tameng emas gemblengan cilik telung atus, saben tameng cilik siji kang digawe emas telung atus sekel; kabeh iku mau nuli kasimpen dening Sang Prabu ana ing gedhong “Alas Libanon”.

17Sang Nata iya yasa dhampar gedhe kang digawe gadhing, nganggo dilapis emas murni.

18Dhampar iku sungsun enem, dene ancik-ancike emas, kang digandheng karo dhampar mau, sarta papan palenggahan iku ing sisih loro-lorone ana lengenane.

19Ing sandhinge lengenan ana singane ngadeg loro sarta ing sadhuwure sungsun enem iku ana singane rolas kang padha ngadeg arep-arepan; kang kaya mangkono iku durung tau ana ing sadhengaha karajan.

20Sakehe piranti pangunjukane Sang Prabu Suleman kang digawe emas lan sakehe barang kang ana ing “Alas Libanon” iku kang kagawe emas murni; ing nalika jamane Sang Prabu Suleman selaka iku dianggep tanpa aji.

21Sang Prabu Suleman kagungan prau kapal, kang padha lelayaran menyang ing Tarsis bebarengan karo para kawulane Sang Prabu Huram; telung taun sepisan kapal-kapal Tarsis mau padha teka nggawa emas lan selaka sarta gadhing; uga kethek lan manuk merak.

22Kasugihane lan kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngungkuli sakehing ratu ing salumahing bumi.

23Sakehe ratu ing bumi padha ngudi bisane sowan ing ngarsane Sang Prabu Suleman supaya bisaa nguningani kawicaksanan, kang kaparingake dening Gusti Allah ana ing sajroning panggalihe.

24Siji-sijine padha sowan lan nyaosake pisungsunge, yaiku barang-barang dandanan emas lan selaka, pangageman, gegaman, anggi-anggi, jaran lan bihal. Mangkono iku saben taun.

25Sang Prabu Suleman kagungan gedhogan patang ewu kanggo jaran-jarane lan kreta-kretane, sarta prajurit jaranan rolas ewu, kang padha dipanggonake ana ing kutha-kutha panggonan kreta lan cedhak karo Sang Nata ana ing Yerusalem.

26Lan maneh Sang Prabu mau ngereh sakehing ratu wiwit ing bengawan Efrat nganti tekan ing nagarane wong Filisti tuwin ing tapel watese tanah Mesir.

27Kehe selaka ing Yerusalem kadamel dening Sang Prabu nganti kaya watu lan kehe wit kayu eres padha kaya wit sikma kang thukul ing Tanah Pegunungan.

28Jaran kang kagem Sang Prabu Suleman iku weton Mesir lan saka ing sakehe nagara ngamanca.

Sedane Sang Prabu Suleman

29Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Suleman wiwit wiwitan nganti tekan ing wekasan, kabeh iku rak katulisan ana ing riwayate Nabi Natan lan ing pamedhare wangsit Nabi Ahia, wong Silo, tuwin ing wahyu-wahyune Idho, wong sidik, bab Sang Prabu Yerobeam bin Nebat?

30Sang Prabu Suleman anggone jumeneng ana ing Yerusalem ngratoni wewengkone Israel kabeh iku lawase patang puluh taun.

31Sang Prabu Suleman banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang rama. Pangeran Rehabeam, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel