Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 13 >> 

1Anak kang wicaksana ngrungokake marang pamerdine bapakne nanging wong ambek memoyok ora ngrewes marang pameleh.

2Wong iku mesthi mangan kang becik saka tembunge, nanging karepe wong cidra iku awujud tindak panganiaya.

3Wong kang njaga cangkeme, iku ngreksa nyawane, sapa kang crawak, iku bakal katempuh ing karusakan.

4Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.

5Wong kang bener iku sengit marang goroh, nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.

6Wong kang lakune saleh iku kareksa dening kabenerane, nanging kang gawe dosa digawe sangsara dening durakane.

7Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa, ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh.

8Kasugihan iku kanggo nebus nyawane wong, nanging wong miskin ora bakal krungu pangancam.

9Pepadhange wong bener iku sumorot gumebyar, nanging damare wong duraka bakal mati.

10Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan, nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan.

11Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda, nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih.

12Pangarep-arep kang kasumenekake, gawe sedhihing ati, nanging pepenginan kang katutugan iku wit panguripan.

13Sing sapa ngremehake pangandika, iku bakal nanggung akibate, nanging sapa kang manut marang prentah, iku bakal tampa piwales.

14Piwulange wong wicaksana iku sumbering urip, ndadekake wong ora kena ing kalaning pati.

15Budi kang utama ngolehake sih, nanging dalane wong cidra iku ndadekake cilakaning wong iku.

16Wong kang prayitna tumindak kanthi kawasisan, nanging wong bodho ngetokake bodhone.

17Utusan kang duraka iku njalari cilaka, nanging duta kang setya nekakake kuwarasan.

18Kamlaratan lan pamoyok iku bakal nempuh marang wong kang nglirwakake marang pamerdi, nanging sing sapa nampani pameleh iku kajen.

19Pepenginan kang katutugan iku nyenengake ati, nanging wong gemblung ora gelem ninggal piala.

20Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.

21Wong dosa diburu ing bilai, nanging wong bener iku diwales kabegjan dening Panjenengane.

22Wong becik ninggali warisan marang anak-putune, nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.

23Tegale wong miskin metokake pangan akeh, nanging ana kang ilang marga ora ana kaadilan.

24Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake, mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane.

25Wong bener mangan nganti wareg, nanging wetenge wong duraka ngrasakake kekurangan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel