Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 19 >> 

1Luwih becik wong miskin kang kelakuane resik, tinimbang karo wong cidra lambene lan gemblung.

2Tanpa kawruh kasregepan uga ora maedahi, sarta kang kesusu iku bakal kleru jangkahe.

3Kabodhoane wong nasarake lakune, nuli ngundhamana marang Pangeran Yehuwah.

4Kasugihan ngolehake mitra akeh, nanging wong mlarat, ditinggal mitrane.

5Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman.

6Akeh wong kang nyanak marang wong kang luber atine, lan saben wong kepengin dadi mitrane wong kang dhemen weweh.

7Wong miskin iku kasengitan dening sadulure kabeh, apa maneh mitrane, mesthi padha ngedohi, dioyak klawan diceluki, ewasamono wus padha ora katon.

8Sing sapa kadunungan akal-budi, iku nresnani awake dhewe, kang migunakake kapinteran, bakal nemu begja.

9Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta kang ngucapake cidra bakal sirna.

10Wong gemblung ora patut oleh kamukten, apamaneh abdi manawa pantesa ngereh para panggedhe.

11Kapinteran njalari wong sabar banget, sarta kaalembana marga anggone ngapura panerak.

12Dukaning ratu iku kaya panggerone singa anom, nanging kabecikane iku kaya ebun kang tumiba ing pasuketan.

13Anak kang gemblung iku dadi cilakane bapakne, padune wong wadon iku kaya trocohing payon kang tanpa kendhat.

14Omah lan bandha iku warisan saka leluhur, nanging rabi kang pinter iku peparinge Sang Yehuwah.

15Kesed iku marakake turu kepati, nanging wong wegahan bakal nandhang keluwen.

16Wong kang netepi pepakon, iku rumeksa marang nyawane, nanging kang ngremehake pangandika, bakal mati.

17Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.

18Anakmu rangketen salawase isih ana pangarep-arep, nanging aja nganti ndadekake patine.

19Wong kang enggal banget nepsune, bakal kena dhendha, sabab saupama kowe nyoba arep nulungi, malah mundhak nepsune.

20Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi, supaya kowe ing tembe bisa dadi wicaksana.

21Atine wong ngrancang-ngrancang prakara akeh, nanging putusane Sang Yehuwah iku kang bakal kelakon.

22Wewatekan kang dikepengini tumraping wong iku kasetyan, luwih becik wong miskin tinimbang karo wong kang ngapusi.

23Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah ngolehake urip, wong banjur bakal nginep klawan seneng ora bakal katempuh ing bilai.

24Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan, nanging ora bakal bisa ngemplok.

25Yen wong ambek memoyok kokgitik, wong kang tanpa pengalaman bakal dadi wicaksana, yen wong mawa budi kokwelehake, bakal ngrumangsani.

26Anak kang nganiaya bapakne utawa nundhung biyunge, iku ngalakake lan mirangake awake dhewe.

27He anakku, aja ngrungokake pamerdi maneh, manawa kowe jebul iya nyimpang saka ing pitutur kang aweh kawruh.

28Seksi kang ora ana gunane iku ngremehake angger-angger, lan cangkeme wong duraka nguntal para cidra.

29Wong memoyok kacawisan paukuman, lan gegere wong gemblung dicepaki gitik.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel