Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 29 >> 

1Wong kang ngakokake githok, sanadyan wus diwelehake, iku bakal diremuk dadakan lan ora bisa dipulihake maneh.

2Samangsa cacahe wong bener mundhak akeh, rakyat bungah, nanging manawa wong duraka nyekel pangwasa, rakyat sambat.

3Wong kang tresna marang kawicaksanan, iku ndadekake bungahe bapakne, nanging kang srawungan karo wong wadon tuna-susila iku ngebreh-ebreh bandhane.

4Sarana kaadilan ratu anggone nyantosakake nagarane, nanging kang kakehan anggone narik pajeg ndadekake ambruke.

5Sing sapa ngonggrong-onggrong pepadhane, iku masang jiret ana ing ngarepe sikile.

6Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe, nanging wong bener iku bakal bungah-bungah lan sukarena.

7Wong bener nyumurupi wewenange wong sekeng, nanging wong duraka padha ora ngreti.

8Wong ambek memoyok ngisruhake kutha, nanging wong wicaksana padha ngendhakake nepsu.

9Wong wicaksana manawa prakaran karo wong bodho, wong bodho mau ngamuk lan gumuyu, temah rame.

10Wong kang ngorong marang wutahing getih, padha sengit marang wong saleh, nanging wong jujur padha ngupaya kaslametane.

11Wong gemblung nguja sakehe kanepsone, nanging wekasane wong wicaksana kang ngendhakake.

12Manawa wong kang mrentah ngrungokake tembung doracara, para punggawane padha dadi wong duraka.

13Wong miskin lan wong kang nindhes padha pethukan, sakaro-karone padha kapadhangake mripate dening Sang Yehuwah.

14Ratu kang ngadili wong sekeng klawan adil, iku dhampare lestari kukuh ing salawas-lawase.

15Gebug lan pameleh ngolehake kawicaksanan, nanging anak kang ditogake bae iku gawe wirange biyunge.

16Yen cacahe wong duraka mundhak, panerak iya saya akeh, nanging para wong bener bakal padha nyipati ambruke.

17Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu, malah aweh kabungahan marang nyawamu.

18Manawa ora ana wangsit, rakyat dadi urakan, rahayu wong kang netepi angger-angger.

19Rewang ora bisa diperdi mung klawan tembung thok, marga sanadyana ngreti, nanging ora nindakake.

20Kowe weruh wong kang gumampang ngetokake tetembungan; wong gemblung pangarep-arepe luwih akeh katimbang wong iku.

21Sing sapa nguja rewange wiwit enom, wekasane malah ndadekake rewang mau kaduk-wani.

22Wong kang gampang nepsu nukulake tukar-padu, sarta wong brangasan akeh panerake.

23Watek angkuh njalari asoring awak, nanging kang andhap-asor iku oleh pangalem.

24Sing sapa nampani panduman saka maling, iku sengit marang awake. Wus krungu tumibaning ipat-ipat, nanging ora disumurupi.

25Wedi marang wong, iku nggawa kala jiret, nanging sing sapa kumandel marang Pangeran Yehuwah iku kaayoman.

26Akeh wong kang golek sih marang kang nyekel pangwasa, nanging kaadilan iku Sang Yehuwah.

27Wong bodho iku nistha tumrap wong bener, lan kang jujur lakune iku jember tumrap wong duraka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel