Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 1 >> 

Kamursidane Ayub kacoba

1Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.

2Anake lanang pitu, kang wadon telu;

3raja kayane kang awujud wedhus pitung ewu, unta telung ewu, sapi limang atus rakit, kuldi wadon limang atus; bature akeh banget, mulane kasugihane ngungkuli wong satanah wetan kabeh.

4Anake kang lanang iku saben-saben padha nganakake pista giliran ana ing omahe dhewe-dhewe, dene sadulure wadon telu-telune padha diundang diajak mangan lan ngombe bebarengan.

5Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.

6Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.

7Ing kono Sang Yehuwah ngandika marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Unjuk wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”

8Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ig salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”

9Unjuk wangsulane Iblis marang Pangeran Yehuwah: “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?

10Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.

11Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”

12Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.

13Kacarita nuju ing sawijining dina, nalika anake Ayub lanang lan wadon padha mangan lan ngombe anggur ana ing omahe kang pambarep,

14nuli ana kongkonan kan teka ing ngarepe Ayub sarta nggawa pawarta mangkene: “Kala wau nalika lembu saweg kadamel mluku, sarta kuldi-kuldi estri sami nyenggut ing sakiwa tengenipun,

15lajeng wonten tiyang Syeba dhateng sami nempuh, lembu kaliyan kuldi sami karebat saha para rencang sami dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

16Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh sarta matur: “Latunipun Gusti Allah dhawah saking langit lajeng nyamber dhateng menda dalah rencang-rencang, sadaya telas sami kamangsa ing latu, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

17Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Tiyang Kasdim sami dhateng, wonten tigang bregada, lajeng nempuh dhateng unta sami karebat, saha rencang-rencang dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

18Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Putra panjenengan jaler estri saweg sami dhaharan saha ngunjuk wonten ing griyaning sadherekipun pambajeng,

19dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

20Ing kono Ayub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, cukur rambut sarta sumungkem sujud ing bumi,

21pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”

22Sajrone iku mau kabeh Ayub ora nganti gawe dosa, sarta ora nacad pisan-pisan marang Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel