Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 10 >> 

Gusti Allah ngganjar kasusahan iku apa karsane?

1“Nyawaku wus bosen urip, aku arep ngumbar pasambatku, aku arep ngucap sajroning prihatine nyawaku kang pait.

2Aku arep munjuk marang Gusti Allah: Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula; kawula mugi Paduka sumerepaken, punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.

3Mikantuki punapa ta kagem Paduka, manawi nindhes tiyang punika, manawi Paduka mbucal pakaryaning asta Paduka, saha paduka paring pambiyantu dhateng rancanganipun tiyang duraka?

4Punapa Paduka kagungan paningal wadhag? Anggen Paduka mirsani samukawis punapa inggih kados patrapipun manungsa anggenipun ningali?

5Yuswa Paduka punapa memper kados umuripun manungsa, petangan taun Paduka punapa inggih kados umuripun tiyang jaler,

6dene Paduka kok karsa madosi kalepatan kawula, saha nlusur dosa kawula,

7mangka paduka mirsa, bilih kawula sanes tiyang duraka, saha bilih boten wonten tiyang ingkang saged oncat saking asta Paduka?

8Asta Paduka ingkang mangun saha ngwujudaken kawula, nanging Paduka kok lajeng boten karsa mirsani kawula sarta badhe nyirnakaken kawula?

9Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih Paduka ingkang karya kawula saking lempung, kok badhe Paduka dadosaken lebu malih!

10Punapa sanes Paduka ingkang ngecuraken kawula kados susu, kok lajeng badhe Paduka jendhelaken dados keju?

11Paduka praboti kulit kaliyan daging, Paduka enami balung tuwin otot.

12Paduka paringi gesang saha sih-rahmat; nyawa kawula Paduka jagi lumantar pangreksa Paduka.

13Nanging kawontenan igkang makaten punika kok Paduka sengker ing salebeting panggalih; kawula sumerep, bilih punika pancen sampun dados karsa Paduka.

14Saupami kawula damel dosa, Paduka temtu badhe nguningani, saha kawula boten badhe Paduka galih tanpa kalepatan.

15Manawi kawula duraka, bilai kawula; manawi kawula leres inggih boten saged langak-langak, amargi anggen kawula tuwuk kawirangan, sarta nyumerepi kasangsaran kawula.

16Manawi kawula ndengengek, Paduka temtu lajeng mbujeng kawula kadosdene singa sarta ngatingalaken panguwaos Paduka ingkang nggumunaken punika dhumateng kawula malih.

17Paduka badhe ngajengaken seksi-seksi enggal ingkang nglawan kawula, -- Paduka ngagengaken bebendu Paduka dhumateng kawula -- Paduka badhe ngangsahaken pasukan-pasukan enggal, malah balatantra dhumateng kawula.

18Punapa sababipun dene Paduka ngedalaken kawula saking guwa-garba? Langkung sae manawi kawula pejah, saderengipun kawula kasumerepan ing tiyang,

19kados-kados kawula boten nate wonten, saking guwa-garbaning biyung lajeng kemawon kabekta dhateng ing pakuburan.

20Punapa dinten-dintening umur kawula boten namung sakedhik? Paduka mugi karsaa ngendelaken kawula, supados kawula saged bingah sawatawis,

21saderengipun kawula kesah lan boten mawi wangsul malih dhateng nagari ingkang peteng lelimengan,

22dhateng nagari ingkang peteng ndhedhet, panggenan ingkang peteng sanget saha worsuh, ingkang cahyaning pepadhangipun sami kaliyan pepeteng.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel