Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 7 >> 

Urip iku abot

1“Manungsa iku ana ing bumi rak kayadene perang, etungane umure kaya dinane wong buruh?

2Kaya upamane batur kang kapengin marang panggonan eyub, utawa kaya buruh nganti-anti marang buruhane,

3iya mangkono anggonku ginanjar pirang-pirang sasi kebak cilaka, sarta pirang-pirang bengi kebak pekewuh.

4Samangsa aku mapan turu pangucapku: Besuk apa aku bakal bisa tangi? Mangka bengine mulur dawa, gawe sayah anggonku ngolang-ngaling nganti tumeka wayah repet-repet.

5Awakku ketutupan set lan kokot-bolot, kulitku pating prentul, kang banjur mecah metu jitahe.

6Dina-dinaku rikate ngungkuli troponging tenunan, ilange tanpa ninggal pangarep-arep.

7Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih gesang kawula punika namung abab kemawon, sarta mripat kawula boten badhe ningali ingkang sae malih.

8Tiyang ingkang ningali kawula sapunika, benjing sampun boten badhe ningali malih. Paduka mirsani kawula, nanging kawula sampun boten wonten.

9Kadosdene mega ingkang lebur lajeng sirna, inggih makaten tiyang ingkang mandhap dhateng ing jagading tiyang pejah boten badhe mentas malih.

10Boten wangsul mantuk dhateng ing griyanipun malih, boten badhe kasumerepan dening papan padununganipun malih.

11Milanipun kawula boten badhe mekak cangkem kawula, kawula badhe matur ing salebeting karibedanipun nyawa kawula, saha badhe sesambat salebeting pait-getir ingkang wonten ing manah kawula.

12Punapa kawula punika saganten utawi naga, dene Paduka ngantos ngawontenaken pajagen tumrap kawula?

13Manawi kawula manah: Paturonku bakal aweh panglipur marang aku, tuwin ambenku bakal ngenthengake pasambatku,

14kawula lajeng Paduka kagetaken sarana impen sarta Paduka damel giris kalayan rerupen salebeting tilem,

15temahan kawula langkung remen dipun tekak, lajeng pejah katimbang ngraosaken kasisahan kawula.

16Kawula sampun jeleh, kawula boten sagah gesang ing salaminipun. Kawula mugi Paduka eculaken, awit gesang kawula punika namung kados abab kemawon.

17Manungsa punika punapa ta, dene ngantos Paduka anggep ageng, saha Paduka gatosaken,

18Paduka tuweni saben enjing, sarta saben-saben Paduka cobi?

19Benjing punapa anggen Paduka boten badhe migatosaken kawula malih, saha ngeculaken kawula, satemah kawula saged ngulu idu kawula?

20Manawi kawula damel dosa, Paduka sampun kawula punapakaken, dhuh Allah, ingkang njagi manungsa? Kadospundi dene kawula Paduka dadosaken lesan, ngantos ngrekaos anggen kawula ngrembat badan kawula piyambak?

21Saha punapa sababipun dene Paduka boten karsa ngapunten kalepatan kawula, tuwin boten karsa ngicali duraka kawula? Amargi mangke kawula badhe tilem wonten ing siti, sarta Paduka lajeng badhe madosi kawula, nanging kawula sampun boten wonten malih.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel