Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 29 >> 

1Ing sasi kapitu tanggal sapisan sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake sadhengah pagawean kang abot, iku dadia dina ngunekake kalasangka.

2Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang siji sarta wedhus gibas kang tanpa cacad umur sataun pitu;

3karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan, kaolah kalawan lenga, kehe telung prasapuluh efa kanggo sapi lanang mau, lan rong prasapuluh efa kanggo wedhuse gembel lanang,

4dene wedhuse kang pitu iku kanggo siji-sijine saprasapuluh efa.

5Apamaneh wedhus berok siji minangka kurban pangruwating dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap sira,

6kajaba kurban obaran saben tanggal sapisan lan kurban dhaharan, apadene kurban obaran ajegan sarta kurban dhaharan lan kurban unjukan, miturut pranatane, minangka ganda kang gawe renaning panggalih, kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah.

7Ing sasi kapitu mau tanggal sapuluh sira padha nganakna pasamuwan suci lan padha ngesorna awak kalawan pasa; aja nglakoni sadhengah pagawean.

8Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe rena konjuk marang Yehuwah, arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang umur sataun pitu, kabeh mau kang tanpa cacad;

9karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan kaolah kalawan lenga, kanggo sapine telung prasapuluh efa, kanggo wedhuse gibas lanang rong prasapuluh efa,

10lan kanggo wedhuse kang pitu iku siji-sijine saprasapuluh efa.

11Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Iku kajaba kurban pangruwating dosa kang kanggo nganakake pirukun, lan kurban obaran ajegan karo kurban dhaharan apadene kurban unjukan.

12Ing tanggal limalas sasi kapitu iku sira padha nganakna pasamuwan suci; sira aja nindakake pagawean kang abot; sira padha nganakna riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah, lawase pitung dina.

13Ing wektu iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah arupa: sapi lanang nom telulas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang umur sataun patbelas, kabeh mau kudu kang tanpa cacad;

14uga kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan kaolaha kalawan lenga; kanggo sapi lanang telulas mau saben sapi siji telung prasapuluh efa, lan kanggo wedhuse lanang loro iku saben wedhus siji rong prasapuluh efa;

15sarta maneh kanggo wedhuse kang patbelas iku, saben wedhus siji saprasepuluh efa.

16Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa; kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

17Ing dina kang kapindho: sapi lanang nom rolas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel umur sataun tanpa cacad patbelas;

18karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku cacahe miturut pranatane.

19Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjukan.

20Ing dina kang katelu: sapi lanang nom sawelas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel tanpa cacad umur sataun patbelas;

21karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku cacahe miturut pranatane.

22Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurban dhaharan lan kurbane unjukan.

23Ing dina kang kaping pat: sapi lanang nom sapuluh, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

24karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse enom iku cacahe miturut pranatane.

25Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

26Ing dina kang kaping lima: sapi lanang nom sanga, wedhus gibas lanang loro, lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas;

27karo kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane;

28lan wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa, kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurban dhaharan lan kurbane unjukan.

29Ing dina kang kaping nem: sapi lanang nom wolu, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

30karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

31Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

32Ing dina kang kaping pitu: sapi lanang nom pitu, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

33karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

34Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

35Ing dina kang kaping wolu sira nganakna pasamuwan gedhe, sira aja nindakake pagawean kang abot.

36Ing wektu iku sira padha saosa kurban obaran, kurban genenan, kang gandane gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang tanpa cacad kang umur sataun pitu.

37Karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapine lanang, kanggo wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

38Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

39Iku mau kabeh kang kudu padha sira olah kagem Pangeran Yehuwah ing dina-dina riyayanira, minangka kurban-kurbanira obaran, kurban-kurbanira dhaharan, kurban-kurbanira unjukan lan kurban-kurbanira kaslametan lan kurban-kurbanira manasuka.”

40Nabi Musa tumuli mituturi marang wong Israel miturut apa kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kabeh marang Nabi Musa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel