Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 20 >> 

Perange wong Israel nglawan bani Benyamin

1Tumuli wong Israel kabeh padha metu ngumpul seba marang ing ngarsane Sang yehuwah ing Mizpa, lan sabiyantu padha nglumpuk wiwit saka ing Dhan nganti tutug ing Bersyeba, lan uga saka ing tanah Gilead.

2Para panggedhene wong sabangsa kabeh saka sakehing talere Israel padha ngirid pasamuwane umate Gusti Allah, gunggung wong patang atus ewu kang padha dharat lan sikep gegaman pedhang.

3Bani Benyamin padha krungu warta, yen wong Israel padha nglurug menyang ing Mizpa. Wong Israel nuli padha ngucap: “Padha critakna kapriye kelakone kadursilan iku?”

4Wong Lewi somahe wong wadon kang kapatenan banjur matur: “Kula kanthi semah kula selir kaleresan dhateng ing Gibea ingkang klebet wewengkonipun Benyamin, sumedya badhe nyipeng.

5Sareng dalu tiyang ing Gibea wau lajeng sami ndhatengi kula lan griya punika dipun kepang sumedya nempuh dhateng kula. Kula punika badhe dipun pejahi, nanging semah kula selir dipun wasesa ngantos dados lan pejahipun.

6Sareng makaten mayitipun selir kula wau lajeng kula pendhet, kula tengkel-tengkel sarta kula kintunaken dhateng ing jajahaning tanah-pusakanipun tiyang Israel sadaya, amargi ingkang dipun tindakaken wonten ing satengahipun tiyang Israel punika pratingkah resah saha dados pangewan-ewan.

7Lah sapunika panjenengan tiyang Israel sadaya sampun sami wonten ngriki, sumangga sami karsaa paring pirembag lan pamrayogi.”

8Sagolongane wong kabeh banjur padha saiyeg tumandang, pangucape: “Panunggalan kita siji bae ora ana kang mulih menyang kemahe, siji bae ora ana kang bali menyang ing omahe.

9Iki kang arep kita tandukake marang wong Gibea: Kita perangi kalawan mbuwang undhi!

10Aku padha milih saka sakehing talere Israel iku saben wong satus padha dakjupuk wong sapuluh, saben wong sewu: satus, saben sepuluh ewu wong sewu, iku diwajibake njupukake sangu kanggo wadya-bala iki; sawuse iku padha teka, nuli bisa males marang Gibea-Benyamin kang laras karo sakehe panggawene panyenyamah kang wus dilakoni ana ing satengahe wong Israel.”

11Mangkono dadine sakehe wong lanang ing Israel padha nglumpuk sumedya nglawan kutha iku, kabeh padha saiyeg manunggal budi.

12Para talere Israel tumuli nyebar kongkonan menyang ing saindenging tlatahe taler Benyamin kalawan wineling supaya pratela: “Kadursilan apa kang kelakon ana ing tengah-tengahmu iki?

13Mulane saiki, mara wong kang tumindak dursila ana ing Gibea iku padha ulungna, arep padha dakukum pati, supaya kadursilan iku kasirnakna saka ing satengahe wong Israel!” Nanging wong Benyamin ora maelu marang pituture para sadulure wong Israel.

14Malah bani Benyamin padha nglumpuk saka ing kutha-kutha liyane menyang ing Gibea, arep mangsah perang nglawan wong Israel.

15Dene wong bani Benyamin kang saka kutha-kutha liyane mau ing wektu samana ana wong nem likur ewu kang asikep gegaman pedhang, durung kapetung wong ing Gibea, kang cacahe pitung atus, padha wong pilihan.

16Panunggalane bala samana iku ana wong pilihan pitung atus kang padha kedhe, iku kabeh manawa mbandhil nganggo watu ora mlesed sarambut bae.

17Uga wong-wong Israel kawilang cacahe; tanpa suku Benyamin ana patang atus ewu, kang asikep gegaman pedhang; kabeh mau prajurit.

18Wong Israel banjur padha mangkat sarta lumaku menyang ing Betel. Ana ing kono padha neges marang Gusti Allah, unjuke: “Sinten panunggilan kawula ingkang miwiti mangsah perang nglawan bani Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Suku Yehuda kang miwitana dhisik!”

19Wong Israel tumuli padha budhalan ing wayah esuk, banjur pacak baris ana ing ngarepe Gibea.

20Wong Israel tumuli padha mangkat perang nglawan Benyamin; wong-wong Israel padha masang gelaring perang ana ing sacedhake Gibea mau.

21Bani Benyamin uga mangsah metu saka ing Gibea lan ing sadina iku padha oleh pepati panunggalane wong Israel kehe rolikur ewu.

22Nanging balane wong Israel tumuli padha nglumpukake kekuwatane sarta nata gelaring perang maneh ana ing papan panatane nalika sakawit.

23Wong Israel nuli padha mangkat sarta nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti ing wayah sore, wasana padha neges marang Sang Yehuwah, unjuke: “Punapa kawula sami nempuh perang malih, nglawan sadherek kawula tiyang Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Mangsaha nglawan wong-wong iku!”

24Nanging nalika wong Israel ing dina kapindhone tekan ing sacedhake bani Benyamin,

25ing dina kapindho iku balane bani Benyamin tumuli padha mapagake saka ing Gibea, sarta padha oleh pepati maneh panunggalane wong Israel wolulas ewu, kabeh padha asikep gegaman pedhang.

26Wong Israel kabeh, yaiku wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang ing Betel, ana ing kono padha nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha puwasa sadina iku nganti ing wayah sore, apadene padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

27Wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah -- pethining prasetyaning Allah ing nalika samana ana ing kono,

28lan nalika iku Pinehas bin Eleazar, bin Harun dadi imaming Allah -- unjuke: “Punapa kawula kedah mangsah perang malih nglawan sadherek kawula bani Benyamin punika, punapa kedah kawula kendeli?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Padha mangsaha, amarga sesuk bakal Sunulungake ing tanganira.”

29Wong Israel banjur pacak baris pendhem ana ing sakubenge Gibea.

30Ing telung dinane wong Israel mangsah nglawan bani Benyamin, lan padha pasang gelar perang nglawan Gibea kaya kang uwis-uwis.

31Wong bani Benyamin tumuli padha mangsah perang, temah padha kapancing saka ing kuthane, sarta wiwit nggepuk oleh pepati saka bala Israel sawetara kaya kang dhisik, papane ana ing ratan gedhe loro, kang siji ngener menyang ing Betel, sijine metu ing ara-ara anjog ing Gibea, temah kira-kira ana wont telung puluh saka wong Israel kang pinatenan.

32Ing kono pangucape bani Benyamin: “Wis padha kalah ana ing ngarep kita kaya kang dhisik kae.” Nanging wong Israel ing maune wus padha sarujukan: “Payo padha lumayu mancing wong-wong iku saka ing kutha menyang ing dalan-dalan gedhe.”

33Wong Israel dadine banjur padha mingser saka ing panggonane, nata gelar ana ing Baal-Tamar, dene bala pendhem Israel dumadakan padha metu saka ing papane, yaiku papan blak-blakan ing sacedhake Gibea,

34nganti tekan ing sangarepe Gibea, kehe ana sepuluh ewu, bala pilihan saka Israel kabeh. Banjur campuh perang rame, nanging wong Benyamin padha ora sumurup yen ana bilai kang nekani.

35Sang Yehuwah tumuli ndadosake Benyamin kalah perange ana ing ngarepe Israel, temah wong Israel ing dina iku bisa nyirnakake saka ing antarane taler Benyamin wong selawe ewu limang atus, kabeh kang padha sikep gegaman pedhang.

36Wong bani Benyamin padha weruh, yen wus kalah. Dene bala Israel padha rada mundur ana ing sangarepe suku Benyamin -- sabab padha ngendelake baris pendhem kang wus pacak baris arep nempuh Gibea --.

37Baris pendhem mau banjur dadakan nempuh marang Gibea. Lakune baris pendhem maju terus nuli nggepuk saisining kutha klawan landheping pedhang.

38Nanging wong Israel wus padha sarembug karo baris pendhem mau supaya gawe pega kang kumelun kendel saka ing kutha.

39Nalika bala Israel padha mundur saka ing peperangan, bala Benyamin banjur wiwit nempuh oleh pepati saka bala Israel watara telung puluh mau, temah padha duwe gagasan: “Mesthi padha kalah maneh ana ing ngarepku, kaya nalika perang kang dhisik kae.”

40Nanging kebule pega banjur wiwit kumelun saka ing kutha kaya tugu. Bareng bala Benyamin padha nolih ndeleng lah kuthane wus kobong, genine mumbul marang ing langit.

41Bala Israel tumuli mangsah maneh. Bala Benyamin padha ndredheg, amarga padha weruh, yen padha katempuh ing bilai.

42Dadine padha lumayu saka ing ngarepe bala Israel, metu ing dalan kang anjog ing ara-ara samun, nanging padha ora bisa nyingkiri perang, sarta ditempukake kang metu saka ing kutha-kutha kang banjur nyirnakake wong-wong iku ana ing tengahe.

43Bala Benyamin dadine dikepung, dioyak-oyak tanpa leren, diesuk nganti tutug ing ngarepe Gibea sisih wetan.

44Saka bala Benyamin ana wong wolulas ewu kang padha nemu tiwas, kabeh padha wong gagah prakosa.

45Liyane banjur padha mundur lumayu menyang ing ara-ara samun, njujug ing parang Rimon. Nanging padha diasagi ana ing ratan-ratan temah oleh pepati maneh wong limang ewu, nuli dioyak nganti tutug ing Gideom, padha oleh pepati maneh wong rong ewu.

46Dadine sakehing wong Benyamin kang padha nemu tiwas ing dina iku gunggune selawe ewu, kabeh wong kang padha asikep gegaman pedhang, kabeh wong gagah prakosa.

47Mung ana wong nem atus kang mundur lumayu menyang ing ara-ara samun, ing parang Rimon iku.

48Nanging bala Israel banjur padha mbaleni marang wong bani Benyamin sarta padha ditumpes klawan landheping pedhang, iya manungsa iya kewan lan apa kang tinemu ana ing kutha kono. Uga sakehing kutha kang tinemu ing kono padha diobongi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran