Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 21 >> 

Taler Benyamin lestari urip

1Wong Israel wus padha nglairake sumpah ana ing Mizpa, mangkene: “Aja ana panunggalan kita kang ngolehake anake wadon karo wong Benyamin dadi somahe.”

2Nalika bangsa iku tumeka ing Betel sarta andher ana ing kono ana ing ngarsane Gusti Allah, nganti tumeka ing wayah sore, tumuli padha ngulukake swarane karo nangis kelara-lara.

3Lan unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, punapaa dene ngantos wonten lelampahan kados makaten wonten ing Israel, dene ing dinten punika kok wonten taleripun Israel satunggal ingkang ical?”

4Esuke ing wayah umun-umun bangsa Israel padha ngedegake misbyah ana ing kono, tumuli padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan.

5Ing nalika samana wong Israel banjur padha ngucap mangkene: “Panunggalane sakehing talere Israel sapa kang ora melu teka karo pasamuwan iki lan banjur seba ing ngarsane Sang Yehuwah?” Amarga wus padha nglairake sumpah kang abot tumrap in sadhengah wong kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Mizpa, mangkene anggone sumpah: “Wong iku ora kena ora mesthi kaukum pati!”

6Wong Israel padha mesakake marang suku Benyamin sadulure iku, pangucape: “Ing dina iki ana taler siji kang kapegat saka ing Israel.

7Kapriye ta rekane tumrap wong kang isih kari iku anggonku padha ngolehake bojo, amarga aku wus padha sumpah demi Sang Yehuwah, yen ora bakal menehake anakku wadon marang para wong iku dadi somahe.”

8Mulane padha ngucap: “Panunggalane taler Israel apa ana kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang yehuwah ana ing Mizpa?” Lah ing kono banjur kasumurupan, manawa wong ing Yabesy-Gilead iku ora ana wong siji-sijia kang nekani ing pakemahan ing pasamuwan iku.

9Cacahe bangsa banjur katiti-priksa, lah ora ana wong siji-sijia saka ing Yabesy-Gilead.

10Pasamuwan tumuli nglakokake bala rolas ewu mrana, panunggalane para wong kang gagah prakosa, sarta padha diwekas mangkene: “Padha budhala, wong ing Yabesy-Gilead padha tumpesen klawan landheping pedhang, dalah wong wadon lan bocah-bocahe.

11Nanging tumindakmu mangkenea: sakehing wong lanang lan wong wadon kang wis tau ngalami tunggal turu, iku padha tumpesen.”

12Anadene panunggalane wong ing yabesy-Gilead tinemu ana bocahe wadon patang atus kang padha isih prawan, kang durung tau tunggal turu karo wong lanang, iku padha digawa menyang pakemahan ing Silo, kang kaprenah ana ing tanah Kanaan.

13Sawuse mangkono wong saumat kabeh tumuli kongkonan ngandhani bani Benyamin kang ana ing gunung parang Rimon, sarta padha diajak bedhami.

14Ing nalika iku suku Benyamin banjur bali, sarta padha diwenehi wong wadon kang padha diuripi panunggalane wong wadon ing Yabesy-Gilead, ewadene cacahe durung nyukupi kanggo wong-wong mau.

15Bangsa iku mesakake marang taler Benyamin, amarga Sang Yehuwah ndadosake gempale taler Israel.

16Sawuse mangkono para tetuwane pasamuwan tumuli padha duwe pangucap: “Kapriye patrap kita nggolekake jodho wong kang isih kari urip iki? Amarga wong wadon ing antarane bani Benyamin wis padha sirna.”

17Apa maneh pangucape: “Tanah-pusaka warisane wong-wong kang padha oncat iku tetepa dadi darbeke taler Benyamin, supaya aja nganti ana taler kang ilang saka ing antarane wong Israel.

18Nanging mungguh aku iki padha ora kena menehake rabi anakku dhewe, amarga wong Israel wus padha sumpah mangkene: Kenaa ing ipat-ipat sapa kang menehi bojo marang wong Benyamin.”

19Ing kono banjur ana kang duwe rembug mangkene: “Lah saben taun ing Silo rak ana pahargyan riyaya sumaos marang Sang Yehuwah ana ing salore Betel, sawetane dalan gedhe saka Betel menyang ing Sikhem lan ig sakidule Lebona.”

20Wong bani Bwenyamin tumuli padha diwekas mangkene: “Kowe padha lungaa, nyegata ana ing pakebonan anggur.

21Padha ngawasna temenan; manawa prawan-prawan ing Silo padha metu jejogedan, kowe nuli padha metua saka ing pakebonan anggur mau, lan siji-sijine panunggalanmu nggondhola prawan ing Silo siji dadia bojomu lan padha menyanga ing tanah Benyamin.

22Saupama bapakne utawa sadulure prawan mau padha njaluk adil marang aku, tumuli bakal padha dakkandhani: Bok iku padha wenehna marang aku kalawan lega-lila ta, amarga ing sajroning perang kita ora bisa nyekel wong wadon minangka jodhone, rak dudu kowe kang ngwenehake prawan-prawan iku marang wong-wong iku; sabab manawa mangkono, kowe padha kaluputan.”

23Bani Benyamin dadine padha nglakoni mangkono; padha oleh bojo miturut ananing cacahe, kang karampas saka panunggalane prawan kang padha jejogedan; tumuli padha bali menyang ing tanah-pusakane lan kuthane padha dibangun maneh lan dienggoni.

24Ing wektu samana wong Israel banjur padha budhalan saka ing kono, padha mulih sowang-sowangan menyang ing wewengkoning talere lan gotrahe dhewe-dhewe; dadine padha budhalan saka ing kono menyang ing tanah-pusakane.

25Dhek jaman samana ing Israel ora ana ratune; angger wong nindakake apa kang dianggep bener manut panemune dhewe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel