Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 10 >> 

Nadab lan Abihu padha mati

1Kacarita para putrane Imam Harun, Nadab lan Abihu, padha njupuk padupane, diiseni geni sarta ditumpangi dupa. Marga saka iku dadi padha nggawa geni liya marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nyulayani kang dadi dhawuhe.

2Banjur ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa wong loro iku, temah padha mati sanalika ana ngarsane Pangeran Yehuwah.

3Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.

4Nabi Musa banjur nimbali Misael lan Elsafan, anak-anake Uziel, pamane Rama Harun, padha didhawuhi mangkene: “Padha majua, sadulurmu iku gotongen metu saka ing ngarepe pasucen menyang ing sajabane palereban.”

5Wong mau tumuli padha maju, jisime padha diangkat metu menyang ing sajabane palereban, isih nganggo kemejan, netepi dhawuhe Nabi Musa.

6Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.

7Kowe aja padha lunga-lunga saka ing lawangane Tarub Pasewakan, supaya kowe aja nganti padha nemahi pati, marga kowe padha kadunungan lenga jebade Sang Yehuwah.” Imam Harun lan para putrane padha nindakake apa sadhawuhe Nabi Musa.

Larangan bab ngombe inuman keres tumrap imam kang nindakake pangibadah

8Pangeran Yehuwah ngandika marang Imam Harun:

9“Sira dalah anak-anakira aja padha ngombe anggur utawa sadhengah inuman keras, samangsa sira padha lumebu ing Tarub Pasewakan, supaya sira aja nganti padha nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase turun-tumurun,

10supaya sira bisa mbedakake samubarang kang suci karo kang ora, kang najis lan kang ora najis.

11Sarta maneh sira wulangna marang wong Israel, sakehe pranatan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong-wong iku lumantar Nabi Musa.”

Bab panduman kurban kanggo para imam

12Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun, Eleazar lan Itamar, para putrane kang isih kari: “Padha njupuka kurban dhaharan turahane sakehe kurban genenan kang kagem Pangeran Yehuwah, iku nuli panganen ana ing sandhinge misbyah kaya dene roti tanpa ragi; awit iku panduman kang suci pinunjul.

13Panganen ana ing panggonan kang suci, awit iku katetepan kanggo kowe lan anak-anakmu tumrap kurban genenan kang kagem Sang Yehuwah; sabab mangkono dhawuhe marang aku.

14Karomeneh andhemane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi iku panganen ana ing panggonan kang ora ana najise, iya kowe dalah anak-anakmu lanang wadon, awitdene iku kabeh wus padha kaparingake dadi katetepan tumrap kowe lan anak-anakmu saka kurban slametane wong Israel.

15Sampil pisungsung-mligi lan andheman pisungsung goyangan iku padha digawaa menyang ing papaning sakehe kurban genenan kang awujud gajih, supaya padha digoyanga minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku katetepan kang kanggo ing salawase tumrap kowe lan anak-anakmu, kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.”

16Nabi Musa banjur nggoleki kanthi njlimet wedhus berok lanang, kanggo kurban pangruwating dosa mau, nanging jebul wus entek kaobong. Kang iku Eleazar lan Itamar putrane Rama Harun kang isih kari, tumuli padha didukani, pangandikane:

17“Yagene kurban pangruwating dosa iku ora padha kokpangan ana ing panggonan kang suci? Iku rak panduman kang suci pinunjul, lan Pangeran Yehuwah anggone maringake iku marang kowe, iku supaya kowe padha nyanggaa kaluputane para umat, supaya ngolehake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah?

18Delengen, getihe rak ora digawa lumebu ing sajroning pasucen, mangka mesthine kudu padha kokpangan ana ing papan kang suci, kaya kang wus dadi prentahku!”

19Ature Imam Harun marang Nabi Musa: “Pancen bener, ing dina iki wus padha ngaturake kurban pangruwating dosa lan kurban obaran marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, nanging aku kok banjur ngalami prakara-prakara kang kaya mangkono mau. Saupama ing dina iki aku uga mangan kurban pangruwating dosa, apa iku ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah?”

20Bareng Nabi Musa miyarsa atur mangkono, iku kagalih prayoga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel