Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Maleakhi 4 >> 

Bab dinane Pangeran Yehuwah

1Lah dina iku bakal teka, murub kaya pawon; sakehe wong kang sembrana lan sarupane wong kang nglakoni duraka bakal padha dadi kaya dami, sarta dina kang teka iku bakal ngobong wong-wong mau, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- nganti ora ngarekake oyod lan pange siji-sijia.

2Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.

3Sarta para wong duraka iku bakal sira idak-idak, marga bakal padha dadi awu ana ing sangisoring tlapakanira, besuk ing dina kang Suncawisake iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

4Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.

5Lah sadurunge teka dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan kang nggegirisi iku, Ingsun bakal ngutus Nabi Elia marang sira.

6Iku bakal mbalekake atine para bapa marang anak-anake, sarta atine para anak marang para bapakne, supaya Ingsun aja nganti rawuh lan nggebag bumi nganti tumpes tapis.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Maleakhi 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel