Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 3 >> 

Nglawan marang pemimpin lan nabi palsu ing Israel

1Pituturku mangkene: Padha ngrungokna ta, he, para panggedhene Yakub, lan para pemimpine turune Israel. Rak wus sabenere sira sumurup ing kaadilan,

2he, sira kang padha sengit marang kabecikan lan dhemen marang piala? Wong iku padha ngeleti bangsaku lan mbeseti daginge saka ing balung-balunge;

3padha mangan daginge bangsaku, padha ngeleti kulite saka ing badane, padha ngremuk balung-balunge lan nengkel-nengkel kaya daging ing kuwali, lan kaya iris-irisan daging ing jero kenceng.

4Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah, nanging ora bakal disembadani. Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku, marga ala panggawe-panggawene.

5Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabi kang nasarake bangsaku, kang padha ngundhangake tentrem-rahayu, samangsa oleh kang kena dipangan, dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme, banjur ngumumake perang.

6Mulane rina bakal dadi wengi tanpa wahyu tumrap sira, lan dadi peteng tanpa tenungan. Para nabi mau bakal padha kasurupan srengenge, sarta raina bakal dadi peteng surem tumrap wong-wong iku.

7Para wong sidik bakal padha kawirangan, lan para juru tenung bakal padha kisinan, kabeh bakal padha nutupi raine, marga Gusti Allah ora paring wangsulan.

8Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan, Rohe Pangeran Yehuwah, sarta kaadilan lan kasantosan, kanggo ngelingake marang Yakub bab panerake lan marang Isarel bab dosane.

9He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna! He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,

10he, sira kang padha yasa Sion kalawan getih sarta Yerusalem kalawan daksiya!

11Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!”

12Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mikha 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel