Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 15 >> 

Gusti Yesus ana ing ngarsane Sang Pilatus

1Bareng wayah bangun esuk para pangarepe imam, karo para pinituwa lan para ahli Toret sarta kabeh warganing Pradata Agama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesus banjur kabesta lan didhabyang diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.

2Sang Pilatus nuli ndangu marang panjenengane: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Panjenengan piyambak ingkang ngandika makaten.”

3Para pangarepe imam banjur padha ngaturake panggugat pirang-pirang prakara tumrap Gusti Yesus.

4Sang Pilatus ndangu maneh marang Panjenengane, pangandikane: “Punapa Panjenengan boten mangsuli punapa-punapa? Mangka kathah sanget pandakwanipun tiyang-tiyang punika dhateng Panjenengan.”

5Nanging Gusti Yesus ora mangsuli apa-apa maneh, temah Sang Pilatus eram.

6Wis dadi adat kalumrahan saben dina gedhe Sang Pilatus ngluwari wong ukuman siji, sing dikarepake dening wong akeh.

7Nalika samana ana wong sing jenenge Barabas, sing lagi diukum bebarengan karo pambrontak liyane sawatara, kang sajrone ngraman mau wis mateni wong.

8Nalika samana banjur ana wong akeh kang padha teka lan nyuwun, supaya adat kalumrahan mau dilestarekake.

9Sang Pilatus mangsuli lan ndangu: “Apa karepmu supaya aku ngluwari ratune wong Yahudi iki?”

10Jalaran pancen mirsa, yen para pangarepe imam anggone ngulungake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.

11Nanging para pangarepe imam mau padha nojok-ojoki wong akeh supaya nyuwun luware Barabas.

12Sang Pilatus banjur mangsuli maneh lan ndangu marang wong-wong mau: “Yen mangkono, wong kang kokarani ratune wong Yahudi iku dakkapakake?”

13Wong-wong nuli padha nguwuh-uwuh maneh: “Kasaliba kemawon!”

14Sang Pilatus nuli ngandika: “Dosane apa ta?” Nanging wong-wong saya seru anggone padha nguwuh-uwuh: “Kasaliba!”

15Sarehne Sang Pilatus karsa damel mareming atine wong akeh, mulane Barabas banjur diluwari, dene Gusti Yesus banjur disapu lan sawise mangkono nuli dipasrahake supaya disalib.

Gusti Yesus kagawe sawenang-wenanga

16Gusti Yesus banjur kadhabyang dening para prajurit menyang ing plataran jero, ing gedhong pangadilan, sarta banjur padha ngundang kanca-kancane sagolongan kabeh.

17Gusti Yesus nuli diagemi jubah wungu. Wong-wong mau banjur nganam makutha eri diagemake ing mustakane.

18Sawise mangkono banjur padha wiwit ngurmati Panjenengane, pangucape: “Ngaturaken salam, dhuh ratunipun tiyang Yahudi.”

19Mustakane banjur dipenthungi nganggo glagah, diidoni lan disembah karo jengkeng.

20Sawise disawenang-wenang mangkono iku, agemane jubah wungu dicopot lan disantuni pangagemane piyambak.

Gusti Yesus kasalib

(15-20b) Sawise mangkono Gusti Yesus banjur kadhabyang metu arep disalib.

21Nalika samana ana wong liwat jenenge Simon, wong Kirene, bapakne Aleksander lan Rufus, lagi bali saka ing pategalan. Iku dipeksa dikon manggul salibe Gusti Yesus.

22Gusti Yesus banjur diirid menyang pangonan kang aran Golgota, tegese: pacumplungan.

23Tumuli dicaosi ngunjuk anggur kang dicampuri mur, nanging ora karsa.

24Gusti Yesus banjur disalib, pangagemane nuli diedum-edum sarana diundhi, supaya kasumurupana pandumane dhewe-dhewe.

25Nalika Gusti yesus kasalib iku mbeneri wayah jam sanga.

26Ing sadhuwure ana tulisan, kang mratelakake apa sababe kaukum, unine: “Ratune wong Yahudi.”

27Ana begal loro kang disalib bebarengan karo Gusti Yesus, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Panjenengane.

28[Iya iku kayektenane tulisan kang mangkene: “Panjenengane kaetang awor kalawan wong durjana.”]

29Wong-wong kang padha liwat ing kono, padha ngala-ala Panjenengane, padha calathu kambi gedheg-gedheg, “Heh, Kowe sing arep ngrubuhake Padaleman Suci lan arep mbangun maneh sajrone telung dina,

30mudhuna saka ing salib, luwarana awakMu!”

31Mangkono uga para pangarepe imam karo para ahli Toret, iya padha moyoki lan padha sapocapan mangkene: “Wong liya padha ditulungi, nanging nulungi awake dhewe ora bisa!

32Sang Kristus, ratune Israel iku cikben mudhun saka ing salib, supaya aku bisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong loro kang kasalib bareng karo Panjenengane iku iya memada marang Panjenengane.

Gusti Yesus seda

33Bareng jam rolas ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh nganti jam telu.

34Lan ing wayah jam telu iku mau Gusti Yesus nguwuh kalawan swara sora: “Eloi, Eloi, lama sabakhtani?” Iku tegese: “Dhuh, Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa Kawula Paduka tegakaken?”

35Ana wong sawatara kang padha ngadeg ing kono, bareng krungu kang mangkono mau, padha ngucap: “Rungokna, Dheweke ngundang Nabi Elia.”

36Banjur ana wong kang enggal-enggal teka nggawa jamur karang, dicelupake ing anggur kecut, dislundepake ing glagah, tumuli dicaosake marang Gusti Yesus supaya diunjuk, sarta ngucap mangkene, “Iya, coba padha dienteni lan dideleng, Nabi Elia apa rawuh ngudhunake Dheweke.”

37Gusti Yesus banjur nyuwara sora lan masrahake nyawane.

38Nalika iku gubahe Padaleman Suci banjur suwek dadi loro, wiwit ing dhuwur tumeka ing ngisor.

39Panggedhene prajurit, kang ngadeg ana ing ngarsane Gusti Yesus, bareng nyumurupi anggone seda mangkono iku, banjur ngucap: “Sanyata, wong iku Putraning Allah.”

40Uga ana wong wadon sawatara kang padha nyawang saka ing kadohan, panunggalane kayata Maryam Magdalena, Maryam ibune Yakobus Anom lan Yoses, sarta Salome.

41Iku kabeh wis ndherekake tindake Gusti Yesus lan ngladosi ing kabetahane nalika ana ing tanah Galilea. Lan ing kono iya isih ana wong wadon liyane kang akeh cacahe, kang padha teka ing Yerusalem bebarengan karo Gusti Yesus.

Gusti Yesus kasarekake

42Nalika samana wayahe wis sore, lan iku dina pacawisan, yaiku dina ngarepake Sabat.

43Mulane Yusuf, wong Arimatea, warganing Pradata Agung kang kajen keringan, kang uga nganti-anti marang Kratoning Allah, banjur nekad sowan ngadhep marang ing ngarsane Sang Pilatus nyuwun layone Gusti Yesus.

44Sang Pilatus eram, dene Gusti Yesus wis seda. Banjur nimbali panggedhening prajurit lan ndangu, apa Gusti Yesus wis seda.

45Sawuse midhangetake paturane panggedhe prajurit mau, banjur maringake layone marang Yusuf.

46Yusuf nuli tuku mori alus, layone Gusti Yesus banjur diudhunake, sarta diulesi mori mau. Sawise mangkono layon nuli disarekake ing kubur tatahan ing parang. Lawangane kubur banjur ditutupi watu kang diglundhungake mrono.

47Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yoses padha weruh prenahe sumarene Gusti Yesus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Markus 15):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Markus 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel