Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 1 >> 

Jilid I: (MASMUR 1--41); Bab uripe wong mursid lan uripe wong duraka

1Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,

2nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi.

3Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.

4Ora mangkono mungguh wong duraka, nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin.

5Mulane wong duraka iku ora tulus ana ing ngarsane pangadilan, mangkono wong dosa ana ing pakumpulane para wong mursid;

6amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid, nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel