Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 124 >> 

MASMUR 124; Pinujia Juru Selamete bangsa Israel

1Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, -- dikaya mangkono pangucape Israel, --

2yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, nalika wong padha gumregah nglawan marang kita,

3kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan, nalika mulad-mulading nepsune marang kita;

4kita banjur kentir ing banyu, aku wus padha kleleb ana ing kali;

5ilining banyu kang luber kang molak-malik iku wus nasabi kita.

6Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kita dadi mangsane untune wong-wong mau!

7Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk, kang oncat saka jirete wong mikat, rantas jirete, kita nuli oncat.

8Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.



Studi Alkitab dengan AI: Chat dengan Alkitab GPT.

Studi lengkap, silahkan lihat: Alkitab SABDA.
Dengar dan baca Alkitab Karaoke, silahkan kunjungi: Alkitab Karaoke.
Rencana Multimedia Baca Alkitab: BaDeNo.

 <<  Mazmur 124 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Keesaan
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Alkitab GPT
Bantuan
Dual Panel Dual Panel