Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 128 >> 

MASMUR 128; Berkahing kulawarga

1Kidung jiyarah. Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.

2Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu, rahayu kowe lan becik kaananmu!

3Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang subur ana ing jerone omahmu; lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitun kang ngupengi mejamu.

4Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahan wong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

5Sang Yehuwah muga mberkahana kowe saka ing Sion, sarta kowe muga menangana karaharjane Yerusalem sajegmu urip,

6sarta muga menangana anak-anake anak-anakmu! Tentrem rahayu anaa ing Israel!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 128 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel