Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 147 >> 

MASMUR 147; Panguwasa lan kamurahaning Pangeran Yehuwah

1Haleluya! Sanyata becik ngidungake masmur marang Allah kita iku, malah iku nengsemake lan pantes ngidungake pamuji iku.

2Pangeran Yehuwah mbangun Yerusalem, sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar.

3Panjenengane mulihake wong kang pepes atine, padha diblebedi tatune.

4Pangeran nemtokake cacahe lintang-lintang, padha kasebut jenenge dhewe-dhewe.

5Gusti Allah kita iku agung lan ngleluwihi kakiyatane, kawicaksanane ora kena winirasa.

6Pangeran Yehuwah nyantosakake maneh para wong kang katindhes, nanging para wong duraka padha diesorake nganti konjem ing bumi.

7Padha ngrepekna kidung pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha ngidunga masmur konjuk marang Gusti Allah kita kanthi swaraning clempung!

8Panjenengane kang nutupi langit kalawan mendhung kang nyawisi udan marang bumi, kang damel gunung-gunung padha nukulake suket.

9Panjenengane kang paring pakan marang sato-kewan, marang anak-anaking gagak kang padha celuk-celuk.

10Pangeran ora karenan marang karosaning jaran, lan marang sikile wong lanang.

11Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane, lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmane.

12He Yerusalem, ngalembanaa marang Sang Yehuwah, he Sion saosa puji marang Allahmu,

13awit Pangeran nyantosani slaraking gapuramu, sarta mberkahi anak-anakmu ana ing wewengkonmu.

14Panjenengane kang nentremake satanah wewengkonmu, maregi kowe kalawan pepethinganing gandum.

15Panjenengane maringake dhawuhe marang bumi, Pangandikane lumawat pesat.

16Pangeran paring salju kaya wulu wedhus gembel, nyawurake ebun njendhel kaya awu.

17Pangeran nguncalake jendhelan banyu kaya pecahan, sapa bisa tahan ngadeg mbetahake adheme?

18Panjenengane ngandika, kabeh banjur ajer maneh, Panjenengane ngididake angin, banyune tumuli mili.

19Sabdane kaparingake marang Rama Yakub, apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel.

20Panjenengane ora nindakake mangkono tumrap sakehing bangsa, sarta para bangsa iku padha ora sumurup marang sarake. Haleluya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 147 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel