Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 149 >> 

MASMUR 149; Kidung kaunggulan tumrap wong Israel

1Haleluya! Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah! Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid.

2Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake, para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune.

3Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan, sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung,

4awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.

5Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan, padha surak-surak ana ing paturone.

6Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane, sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa-tengen,

7kagawe nandukake piwales marang para bangsa, lan kanggo niksa marang para suku bangsa,

8kanggo mblenggu para ratune kalawan rante, lan para panggedhene kalawan blenggu wesi,

9kanggo matrapi paukuman marang wong-wong iku kaya kang wus katulisan. Iku kamulyane sakehing para kang dikasihi. Haleluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 149 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel