Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 150 >> 

MASMUR 150; Haleluya

1Haleluya! Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene! Padha saosa puji marang Panjenengane ana ing cakrawalane kang santosa!

2Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane, padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati!

3Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka. Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat!

4Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling!

5Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng!

6Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah! Haleluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 150 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel