MASMUR 55; Pandonga nyuwun pitulungan marga ana mungsuh
1Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud. (55-2) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, Paduka sampun ngantos mengkeraken panyuwun kawula!
2(55-3) Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa maringi wangsulan, kawula nglembara kaliyan nangis margi saking semplah.
3(55-4) Margi saking pambengoking mengsah, lan panganiayanipun tiyang duraka; amargi sami ndhatengaken bilai, sarta kanthi pangigit-igit anggenipun nglawan kawula.
4(55-5) Manah kawula ngolang-ngaling, tuwin pagirising pejah ngebruki kawula.
5(55-6) Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter, kawula kalimputan ing pagiris.
6(55-7) Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara, banjur mabur golek papan kang tentrem,
7(55-8) malah nuli lumayu nganti adoh, lan banjur nginep ana ing pasamunan. (Selah)
8(55-9) Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen, ngoncati angin gedhe lan prahara.”
9(55-10) Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa damel bingungipun tiyang-tiyang punika, saha karsaa ngisruhaken pirembagipun, amargi kawula ningali panganiaya saha bebantahan wonten ing kitha!
10(55-11) Rinten dalu sami ngubengi kitha punika wonten ing sanginggiling balowartinipun, sarta ing nglebet wonten kacilakan lan kasangsaran;
11(55-12) saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun, panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.
12(55-13) Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula, kawula taksih saged sabar. Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula, kawula taksih saged singidan.
13(55-14) Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku, kancaku lan wong kang dakpracaya.
14(55-15) Aku padha sesrawungan kalawan becik, lan padha bebarengan munggah menyang ing padalemaning Allah ing satengahing karamean.
15(55-16) Wong iku muga padha kacandhaka ing pati, padha mudhuna menyang ing jagading wong mati urip-uripan! Amarga omahe malah batine kadunungan piala.
16(55-17) Nanging aku nyebut marang Gusti Allah, sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.
17(55-18) Ing wayah sore, esuk lan awan aku sesambat lan nangis; Pangeran banjur miyarsakake swaraku.
18(55-19) Gusti Allah ngluwari aku kanthi tentrem saka pangrangsanging mungsuhku, awit padha gumrudug nglawan marang aku.
19(55-20) Gusti Allah kang lenggah ana ing dhampare wiwit kuna mula, bakal mireng sarta ngesorake wong-wong iku. (Selah) Amarga padha ajeg bae, sarta padha ora wedi marang Gusti Allah.
20(55-21) Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun, amarga nerak prajanjiane.
21(55-22) Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega, nanging karepe arep nempuh perang; alusing tembunge ngluwihi lenga, nanging sakabehing mau pedhang ligan.
22(55-23) Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah kowe mesthi direksa! Pangeran ora marengake, yen wong mursid gloyoran ing salawase.
23(55-24) Nanging Paduka, dhuh Allah, badhe nyemplungaken tiyang-tiyang punika dhateng ing sumur ingkang lebet; tiyang ingkang ngwutahaken rah tuwin lampah cidra, umuripun boten badhe dumugi sapalih nanging kawula kumandel dhumateng Paduka.